Kolibri
| Kolibri | |
|---|---|
| Colibri thalassinus ngisep kembang | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| Subkelas: | Neornithes |
| Infrakelas: | Neognathae |
| (unranked): | Cypselomorphae |
| ordo: | Apodiformes |
| kulawarga: | Trochilidae Vigors, 1825 |
| Subfamili | |
Kolibri iku manuk cilik kanthi dawa 6,4 cm lan awerna cerah sing sebagéyan gedhé urip ing Amérika Lor lan Amérika Kidul.[1] Sawijining kolibri duwé watara séwu wulu sing meling-meling saéngga bisa mantulaké lan mencaraké sinar manéka warna sing bisa malih nalika manuk obah kaya lenga ing banyu.[2]
Ana luwih saka 300 spesies manuk kolibri urip jroning wilayah alas Amazon, Amérika Kidul.[3] Éwadéné kolibri jinis Sword Billed, ensifera ensifera urip ing bagéyan kulon alas pagunungan Andes.[4]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Pamabur ulung
Kolibri iku pamabur sing ulung kanthi obahing swiwi sing cepet banget, sadhetik nganti kaping 12-90 kepakan.[1] Sawijining panliti saka Universitas California sing jenengé Christopher Clark nglakokaké pangamatan kanggo ngukur kacepetan manuk kolibri wadon, Christopher njupuk gambar migunakaké kaméra super cepet saéngga bisa nangkep saben obahan saka manuk kolibri. Dhèwèké kasil éntuk 500 gambar sing béda jroning sadhetik.[5]
[sunting] Pangan
Amarga kolibri mabur cepet banget, mula manuk iki mbutuhaké tenaga sing cukup gedhé lan kanggo éntuk energi sing gedhé, sawijining kolibri mbutuhaké asupan pangan mawa kalori dhuwur kayadéné nektar utawa bagéyan saka inti sari kembang sing diisep nanggo cucuké sing cilik lan dawa.[1] Varietas kolibri mawa cucuk dawa éntuk pangané kanthi cara ngisep madu kaya biasa, nanging kanggo varietas liya, kolibri bakal ngebur sawijining bolongan nembus pangkal kembang menyang panggonané madu banjur nyisipaké cucuké jroning bolongan mau.[6]
Cara kolibri sing kaya mangkono iku uga bisa mbiyantu kembang kanggo panyerbukan silang, amarga biasané serbuk sari bakal kagawa ing endhas utawa cucuk kolibri lan banjur pindhah saka kembang siji menyang kembang liyané.[6]
[sunting] Réprodhuksi
Swara manuk kolibri arang karungon, amarga swara arupa uni sing digawé déning swiwiné. Sakwéné mangsa tetangkaran, akèh-akèhé jinis lanangé nyatakaké rasané kanhti ocèhan gambira sraya mabur ngiter ing sangarepé sang manuk wadon, sapérangan jinisé malah duwé nyanyian merdu kanthi kakuwatan sing ngédab-édabi.[6] Éwadéné wadoné kanggo narik kawigatèn saka sing lanang, bakal mabur maklompok-klompok kanthi kacepetan dhuwur lan banjur nglakokaké akrobat ing udhara, kaya ing montor mabur jèt.[5]
Manuk kolibri mung ngendhog 2 kanthi werna putih resik tanpa ana bercak babar blas.[6] Endhog mau dipapanaké jroning susuh sing digawé sacara trampil saka wulu alus tanduran utawa kaiket ing panggonané jaring angga-angga.[6] Sisih njaban susuh biasané ana hiasané lumut kerak lan lumut godhong sithik.[6]
[sunting] Spesies paling cerak
Kolibri duwé krabat paling cerak karo manuk kanthi tipikal gaya urip sing padha, yaiku cilik, pamabur cepet, lan padha-padha mangan nektar. Manuk kuwi arané sunbird sing ana ing wilayah pesisir wétan Afrika. Nanging kaloroné dudu saka famili manuk sing padha, kamèmperan disebabaké amarga prosès evolusi konvergen.[7]
[sunting] Réferènsi
- ↑ a b c Disney's Ensiklopediaku Yang Pertama. PT Widyadara. Jakarta. 1983
- ↑ Alam dan margasatwa Amerika Selatan. Bates, Marston. PT Tira Pustaka. Jakarta.
- ↑ http://assets.panda.org/the_amazon_s_flora_and_fauna.pdf diaksès tanggal 14-04-2010
- ↑ http://www.panda.org/about_our_earth/ecoregions/northandean_montane_forests.cfm diaksès tanggal 14-04-2010
- ↑ a b http://simpatizone.telkomsel.com/web/funzone/Education/Kolibri_Burung_Super_Cepat diaksès tanggal 9-04-2010
- ↑ a b c d e f Ilmu Pengetahuan Populer: 7. PT Widyadara. Jakarta.
- ↑ http://www.panda.org/about_our_earth/ecoregions/eastafrica_coastal_forests.cfm