Koes Plus

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Latar wuri
Asal Jakarta, Indonesia
Taun aktif 1970-an
Anggota
Tonny Koeswoyo
Yon Koeswoyo
Yok Koeswoyo
Nomo Koeswoyo
Murry

Koes Plus iku sawijining grup musik Indonésia sing dibentuk ing taun 1969 minangka terusan saka grup Koes Bersaudara. Grup musik sing misuwur ing dasawarsa 1970-an iki kerep dianggep minangka pelopor musik pop lan rock 'n roll ing Indonésia. Nganti saiki, grup musik iki kadhangkala isih tampil ing pentas musik nembangaké lagu-lagu lawasé, senadyan anggotané mung kari loro (Yon lan Murry) sing aktif.

Lagu-laguné akèh ditembangaké déning pemusik liya kanthi aransemen anyar. Minangka contoné, Lex's Trio gawé album sing khusus nembangaké manèh lagu-lagu Koes Plus, Cintamu T'lah Berlalu sing uga ditembangaké manèh déning Chrisye, sarta Manis dan Sayang sing ditembangaké déning Kahitna.

Bab lan Paragraf

Kauripane [sunting]

Kelompok kabentuk taun 1969, minangka terusané banjur dadi kelompok “Koes Bersaudara”. Grup kang asale saka Tuban iki dadi sing miwiti musik pop lan rock 'n roll, malah wis tau dipenjara amarga musike dianggep makili aliran politik kapitalis. Rikala kuwi lagi panas-panasé gerakan anti kapitalis ing Indonesia.

Nalika Orde Lama [sunting]

Kemis tanggal 1 Juli 1965, pasukan tentara saka Komando Operasi Tertinggi (KOTI) nangkep Tony, Yon, lan Yok Koeswoyo banjur ditahan ing penjara Glodok, banjur Nomo Koeswoyo nyusul. Nomo Koeswoyo kuwi seneng melancong. Adhiné Alm Tony Koeswoyo kuwi milih "mangan ora mangan kumpul" tinimbang pisahan karo sedulur-seduluré. Salahé Koes Ploes nalika iku nyanyekaké lagu-lagu The Beatles sing dianggep ngracun kawula mudha. Tuduhan sing tanpa adhedasar hukum lan nganakaké sing ora ana, Koes plus dianggep nyanyekaké musik "ngak ngek ngok" istilah saka pamerintahan sing kuwasa rikala kuwi imperialisme pro barat. Nanging saka penjara malah ngaselaké lagu-lagu sing tekan saiki isih agawé greget, kayata "Didalam Bui", "jadikan aku dombamu", "to the so called the guilties", lan "balada kamar 15". 29 September 1965, sedina sakdurunge G 30 S-PKI, Koes Ploes dibebasaké tanpa alasan sing jelas. Lan ing talkshow KICK ANDY (Metro TV)akhir 2008 Koes Ploes ngakoni yen ing sakmburiné panangkepan kuwi mau kasunyatané pamerintahan Soekarno nugasaké Koes Plus ing sawijining operasi Kontra Intelejen gawe ndukung gerakan Ganyang Malaysia.

Saka Koes Bersaudara dadi Koes Plus [sunting]

Saka kelompok Koes Bersaudara lair lagu-lagu sing misuwur kayata “Bis Sekolah”,“ Di Dalam Bui”, “Telaga Sunyi”, “Laguku Sendiri” lan sapanunggalé. Nomo Koeswoyo akhiré metu saka Koes Plus banjur diganteni Murry minangka drummer. Panggantian iki ndadekaké masalah kanggo Yok amarga ora sreg yen ana wong njaba. Jeneng saudara banjur diganti Plus sing artiné plus wong njaba yaiku Murry. Sejatiné lagu-lagu Koes Bersaudara luwih apik yen didelok saka harmonisasiné (kayata lagu “Telaga Sunyi”, “Dewi Rindu” utawa “Bis Sekolah”) dibandingaké lagu-lagu Koes Plus. Rikala semono Nomo, sakliyané pemain music uga duwe pakaryan liya. Dene Tonny ngarepaké supaya totalitas ing musik sing agawe Nomo banjur metu. Koes Plus lan Koes Bersaudara kudu dicathet minangka pelopor music pop Indonesia. Angel dibayangaké sejarah music pop yen ora ana Koes Bersaudara lan Koes Plus.

Tradhisi nyanyikaké lagu-lagu ciptaané dhewé kuwi tradhisi saka Koes Bersaudara. Banjur diterusaké marang Koes Plus kanthi album serial volume 1, 2 lan sak terusé. Nalika dibentuk Koes Plus ora langsung disenengi wong sing seneng marang musik. Piringan ireng album sepisan ditolak toko-toko kaset. Murry banjur nesu lan lunga menyang Jember ingan ireng gratis karo kanca-kancané . Dheweké kerja ing pabrik gula lan maen musik Gombloh ing grup musik Lemon Trees. Tonny sing banjur marani Murry ngajak bali menyang Jakarta. Nalika lagu “Kelelawar” diputer ing RRI, masyarakat banjur golekki album sepisané Koes Plus. Banjur liwat lagu-lagu “Derita”, “Kembali ke Jakarta”, “Malam Ini”, “Bunga di Tepi Jalan” lan “Cinta Buta”, disenengi masyarakat rikala semana.

Kiblat Musik Pop Indonesia [sunting]

Anané tuntutan produser perusahaan rekaman, ndadekaké grup-grup musik nalika semana, kayata Favourites, Panbers, Mercy's, D'Lloyd ndadekaé Koes Plus kiblat musik. Pop melayu lan pop jawa dadi trend sakwisé Koes Plus sing ndisiki. “Lagu Nusantara I” (Volume 5), “Oh Kasihku” (Volume 6), “Mari-Mari” (Volume 7), “Diana” lan “Kolam Susu” ( Volume 8) dadi isiné music pop rikala semana. Jaya—jayané Koes Plus yaiku nalika ngetokaké album Volume 9 kanthi laguné sing misuwur “Muda-Mudi” (diciptakan deningKoeswoyo, bapaké Tonny, Yon lan Yok). Banjur lagu “Bujangan” lan “Kapan-Kapan” saka Volume 10, “Nusantara V” saka album Volume 11 lan “Cinta Buta” saka album Volume 12.

Bebarengan karo jayané, Koes Plus uga ngetokaké album pop Jawa kanthi lagune sing dikenal saka tukang becak nganti rumaja-rumaja, yaiku lagu “Tul Jaenak” lan “Ojo Nelongso”. Ana maneh laguné sing iramané melayu, kayata “Mengapa”, “Cinta Mulia” lan lagu keroncongé sing judhulé “Penyanyi Tua”. Nanging ing saben-saben albumé ora ana sasi apa lan taun pira albumé ditokaké. Album Koes Plus mulai direkam rutin mulai volume VIII sakwisé nandhatangani kontrak karo. Sakdurungé perusahaan sing ngrekam “Dimita”.

Taun 1972-1976 musik ing Indonesia dikebaki dening lagu-laguné Koes Plus. Mulai saka radio utawa hajatan-hajatan. Taun 1972 Koes Plus tau dadi band paling apik ing Jambore Band ing Senayan. Kabeh sing melu ing Jambore kuwi nyayi lagu luar kabeh kecuali Koes Plus sing nyanyekaké lagu “Derita” lan “Manis dan Sayang”.

Rekor Album [sunting]

Taun 1974 Koes Plus ngetokaké 22 album, yaiku saka album-album anyar lan album-album "the best" kalebu album-album instrumentalia, sing digawé saka instrument asli Koes Plus utawa rekaman "master" sing banjur diisi saxophonané Albert Sumlang, pemain saxophone saka the Mercy's. Dadi yen dirata-rata ana rong album saben sasiné. Taun 1975 ana 6 album, banjur taun 1976 ana 10 album. Rekor iki pantes dicathet Guinness Book of Record. Sing paling hebat kabeh lagu-laguné Koes Plus dudu lagu ‘asal dadi’, nanging kabeh lagune penak dirungokaké. Amarga jasané ing perkembangan musik, Koes plus oleh panghargyan minangka kelompok legendaries kanthi diwenehi "Legend Basf Award”, taun 1992. Awit taun 1960 tekan saiki laguné wis ana 953 lagu ing 89 album. Kabeh lagu kuwi saka Koes Bersaudara 203 lagu (ing 17 album), dene Koes Plus 750 lagu ing72 album (Kompas,13 September 2001). Salah sijiné anggota Koes Plus ngendika yen Koes Plus dibayar larang banget rikala semana. Yon njelasaké menawa taun 1975 Koes Plus manggung ing Semarang "Waktu itu pada tahun 1975, kami telah dibayar Rp 3 juta saat pentas di Semarang," tuturé Yon. Dene rega oto Corona taun 1975 kira-kira Rp 3,750 juta.(Suara Merdeka, 4 Mei 2001)

Sakwise kuwi popularitas Koes Plus mulai mudhun. Koes Plus vakum sauntara lan Nomo mlebu maneh ngganteni Murry, sekitar taun 1976-an akhir. Koes Bersaudara kabentuk maneh lan ngetop kanthi “Kembali” sing metu 1977. Murry karo grupé Murry's Group uga misuwur kanthi laguné “Mamiku-papiku”. Ora let suwe, taun 1978 Koes Plus kabentuk maneh. Lagu anyaré “Pilih Satu” uga langsung ngetop. Sakwisé kuwi metu “Cinta”, kanthi aransemen orchestra, sing bener-bener beda karo lagu-laguné Koes Plus liyané. Banjur albumé melayu uga popular kanthi laguné “Cubit-Cubitan” lan “Panah Asmara”. Nanging Koes Plus rikala kuwi ora se misuwur ndhikik.


Anggota grup [sunting]

Koes Bersaudara 1960 -1963

  1. John Koeswoyo - (Koesdjono)
  2. Tonny Koeswoyo - (Koestono)
  3. Yon Koeswoyo- (Koesjono)
  4. Yok Koeswoyo (Koesrojo)
  5. Nomo Koeswoyo (Koesnomo)

Koes Bersaudara 1963 - 1968

  1. Tonny Koeswoyo
  2. Yon Koeswoyo
  3. Yok Koeswoyo
  4. Nomo Koeswoyo

'setelah keluar dari penjara'

Koes Plus 1969 - 1987

  1. Tonny Koeswoyo
  2. Yon Koeswoyo
  3. Yok Koeswoyo
  4. Murry (Kasmurry)

Diskografi [sunting]

1969

  1. Koes Plus Dheg-dheg Plas (Melody. LP-23)

1970

  1. Natal bersama Koes Plus (EP) (mesra. EP-97)
  2. Koes Plus Volume 2 (Mesra. LP-44)

1971

  1. Koes Plus Volume 3 (Mesra. LP-48)

1972

  1. Koes Plus Volume 4 Bunga Di Tepi Jalan (Mesra. LP-50)
  2. Koes Plus Volume 5 (Mesra. LP-51)

1973

  1. Koes Plus Volume 6 (Mesra. LP-60)
  2. Koes Plus Volume 7 (Mesra. LP-65)
  3. Koes Plus Volume 8 (Remaco. RLL-187)
  4. Koes Plus Volume 9 (Remaco. RLL-208)
  5. Christmas Song (Remaco. RLL-210)

1974

  1. Koes Plus Volume 10 (Remaco. RLL-209)
  2. Koes Plus Volume 11 (Remaco. RLL-301)
  3. Koes Plus Volume 12 (Remaco. RLL-302)
  4. Koes Plus Qasidah Volume 1 (Remaco. RLL-341)
  5. Natal bersama Koes Plus (LP) (Remaco. RLL-342)
  6. Koes Plus The Best Of Koes
  7. Koes Plus Pop Anak-Anak Volume 1 (Remaco. RLL-306)
  8. Koes Plus Another Song For You (Remaco. RLL-348)
  9. Koes Plus Pop Melayu Volume 1 (Remaco. RLL-314)
  10. Koes Plus Pop Melayu Volume 2 (Remaco. RLL-347)
  11. Koes Plus Pop Jawa Volume 1 (Remaco. RLL-248)
  12. Koes Plus Pop Jawa Volume 2 (Remaco. RLL-311)
  13. Koes Plus Pop Keroncong Volume 1 (Remaco. RLL-299)
  14. Koes Plus Pop Keroncong Volume 2 (Remaco. RLL-300)
  15. Koes Plus Volume 8 (Instrumental)
  16. Koes Plus Volume 9 (Instrumental)
  17. Koes Plus Volume 10 (Instrumental)
  18. Koes Plus Volume 11 (Instrumental)
  19. Koes Plus The Best Of Koes (Instrumental)
  20. Koes Plus Pop Jawa Vol 1 (Instrumental)
  21. Koes Plus Pop Jawa Vol 2 (Instrumental)
  22. Koes Plus Pop Melayu Volume 1 (Instrumental)
  23. Koes Plus Pop Keroncong Volume 1 (Intrumental)


1975

  1. Koes Plus Volume 13 (Remaco. RLL-303)
  2. Koes Plus Volume 14 (Remaco. RLL-631)
  3. Koes Plus Selalu Dihatiku (Remaco. RLL-468)
  4. Koes Plus Pop Anak-Anak Volume 2 (Remaco. RLL-448)
  5. Koes Plus Pop Melayu Volume 3 (Remaco. RLL-390)
  6. Koes Plus Pop Jawa Volume 3
  7. Koes Plus Pop Melayu Volume 2 (Instrumental)


1976

  1. Koes Plus In Concert (Remaco. RLL-635)
  2. Koes Plus History Of Koes Brothers (Remaco. RLL-715)
  3. Koes Plus In Hard Beat Volume 1 (Remaco. RLL-717)
  4. Koes Plus In Hard Beat Volume 2 (Remaco. RLL-768)
  5. Koes Plus In Folk Song Volume 1 (Remaco. RLL-)
  6. Koes Plus Pop Melayu Volume 4 (Remaco. RLL-730)
  7. Koes Plus Pop Keroncong Volume 3 (Remaco. RLL-388)
  8. Koes Plus Pop Jawa Melayu (Remaco. RLL-633)
  9. Koes Plus Volume 12 (Instrumental)


1977

  1. Koes Plus Pop Jawa Volume 4


1978

  1. Koes Plus 78 Bersama Lagi (Purnama. PLL-2061)
  2. Koes Plus 78 Melati Biru (Purnama. PLL-2077)
  3. Koes Plus 78 Pop Melayu Cubit-Cubitan (Purnama. PLL-3055)


1979

  1. Koes Plus 79 Melepas Kerinduan (Purnama. PLL-323)
  2. Koes Plus 79 Berjumpa Lagi (Purnama. PLL-3040)
  3. Koes Plus 79 Aku Dan Kekasihku (Purnama. PLL-4022)
  4. Koes Plus 79 Pop Melayu Angin Bertiup (Purnama. PLL-4009)


1980

  1. Koes Plus 80 Jeritan Hati (Remaco. PLL-4044)


1981

  1. Koes Plus 81 Sederhana Bersamamu (Purnama. PLL-5091)
  2. Koes Plus 81 Asmara
  3. Koes Plus Medley 13 Th Karya Koes Plus
  4. Koes Plus 81 Pop Melayu Oke Boss
  5. Koes Plus Medley Dangdut 13 Th Karya Koes Plus


1982

  1. Koes Plus 82 Koperasi Nusantara
  2. Koes Plus 81 Pop Keroncong


1983

  1. Koes Plus 83 Da da da
  2. Koes Plus Re-Arrange I & II


1984

  1. Koes Plus 84 Angin Senja & Geladak Hitam
  2. Koes Plus 84 Palapa
  3. Memble
  4. Koes Plus Album Nostalgia Platinum 1
  5. Koes Plus Album Nostalgia Platinum 2
  6. Koes Plus Album Nostalgia Platinum (Intrumental)


1985

  1. Koes Plus 85 Ganja Kelabu


1987

  1. Koes Plus 87 Cinta Di Balik Kota
  2. Koes Plus 87 Lembah Derita
  3. Milik Illahi

Pranala njaba [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Koes_Plus&oldid=830843"