Kitsune

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Pangeran Hanzoku di India sedang diserang rubah berekor sembilan (lukisan ukiyo-e Utagawa Kuniyoshi dari abad ke-19)

Kitsune (?)(Swara pengucapan) inggih punika sèbatan kanggè kèwan rubah ing basa Jepang. ing cerita rakyat Jepang, rubah asring dipuntampilakèn ing pintèn-pintèn cerita dados makhluk wasis kaliyan kabètahan sihiripun ingkang semakin sempurna sejalan kaliyan semakin bijak lan semakin tua rubah kasèbut. sanèsipun punika , rubah kauwal bèntuk dados manungsa . Ing legenda, rubah asring dipuncariyosakèn dados penjaga ingkang sètya, konco, kekasih, utawi istri, ananging asring wontèn kisah rubah nipu manungsa.

Ing zaman Jepang kino, rubah lan manungsa gèsang saling cèrak pramila legenda babagan kitsune muncul saking persahabatan antawis manungsa lan rubah. ing kapercayan Shinto, kitsune dipunsèbat Inari ingkang gadahi tugas dados pembawa pesen saking Kami. Mènika katah ekor ingkang gadahi kitsune (kitsune saged gadahi ngantos 9 ekor), mila mènawi tua, bijak, lan semakin kiat ugi kitsune kasebut. Dados tiyang maringi persembahan kangge kitsune amargi dipunanggep gadahi kekuatan gaib.

Asal-usul[sunting | sunting sumber]

Rubah berekor sembilan (huli jing) yang mirip dengan kitsune dalam cerita rakyat Tiongkok.

Mitos kitsune asring dados bahan perdebatan, amargi sedaya menika asalipun saking sumber asing utawi saged ugi menika konsep asli Jepang ingkang ngerembag ing abad ke-5 SM. Sebagian mitos babagan rubah ing Jepang saged dipuntelusur ngantos ing cerita rakyat Tiongkok, Korea, utawi India. Cerita paling tua babagan kitsune asalipun saking Konjaku Monogatari ingkang kaisi koleksi cerita Jepang, India, lan Tiongkok ingkang asalipun saking abad ke-11.[1] Cerita rakyat Tiongkok ngisahaken makhluk huli jing (arwah rubah) ingkang sami kitsune lan saged gadahi ekor ngantos songo. Ing Korea, makhluk ingkang dipunsebat kumiho (rubah berekor sembilan) menika makhluk mistik ingkang sampun yuswa langkung saking sewu taun. Rubah ing Tiongkok lan Korea dipungambaraken benten kaliyan rubah ing Jepang. Mboten kadasta ing Jepang, rubah kumiho ing Korea menika dipungambaraken dados makhluk jahat. Menawi mekaten, ilmuwan kadasta Ugo A. Casal gadahi pemanggih menawi sami ing cariyos babagan rubah nunjukaken menawi mitos kitsune asalipun saking kitab India kadasta Hitopadesha ingkang nyebar ing Tiongkok lan Korea, ngantos pungkasan ngantos ing Jepang.[2]

Sakwalike, ahli cerita rakyat Jepang, Nozaki Kiyoshi, argumentasi menawi kitsune sampun dipunanggep dados konco tiyang Jepang ing abad ke-4, lan unsur-unsur ingkang dipunimpor saking Tiongkok lan Korea namung sifat-sifat jelek kitsune.[3] Nozaki ngendikan menawi ing naskah Nihon Ryakki asal abad ke-16, wonten cariyos babagan rubah lan manungsa ingkang gesang berdampingan ing zaman kino Jepang, pamila miturut Nozaki menika pewadining prekawis timbulipun legenda asli Jepang babagan kitsune.[4] Peneliti Inari asmanipun Karen Smyers gadahi pemanggih menawi ide rubah dados penggoda manungsa, serta gayutan mitos rubah kaliyan agama Buddha dipuntepangaken ing salebeting cerita rakyat Jepang ngelampahi cariyos serupa asal Tiongkok, ananging Smyers ngendikan pinten-pintencariyos kaisi unsur-unsur cerita ingkang khas Jepang.[5]

Etimologi[sunting | sunting sumber]

Rubah Hokkaido sedang tidur di atas salju. Di Jepang terdapat dua subspesies rubah merah: rubah Hokkaido (Vulpes vulpes schrencki), dan rubah merah Jepang (Vulpes vulpes japonica).

Miturut Nozaki, tembung "kitsune" asalipun saking onomatope.[4] Tembung "kitsune" asalipun saking suwanten salakan rubah ingkang miturut pamiengan tiyang Jepang suanten "kitsu", ananging andahan "ne" dipunginaaken kangge nunjukaken raos kasih sayang. Asal-usul tembung kitsune ugi dipunginaaken Nozaki kangge nunjukaken bukti langkung lanjut menawi kisah rubah menika baik hati ing cerita rakyat Jepang inggih punika produk ing negeri lan mboten kisah impor.[3] Bunyi "kitsu" dados suanten rubah nyalak sampun mboten dipuntepang tiyang ing zaman sakpunika. Ing basa Jepang modern, suanten rubah dipunserat dados "kon kon" utawi "gon gon".

Cathatan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Goff, Janet. "Foxes in Japanese culture: beautiful or beastly?" Japan Quarterly 44:2 (April-Juni 1997).
  2. ^ Johnson, T.W. "Far Eastern Fox Lore". Asian Folklore Studies 33:1 (1974) 35-68
  3. ^ a b Nozaki, Kiyoshi. Kitsune — Japan's Fox of Mystery, Romance, and Humor. Tokyo: The Hokuseidô Press, 1961. 5
  4. ^ a b Nozaki. Kitsune. 3
  5. ^ Smyers, Karen Ann. The Fox and the Jewel: Shared and Private Meanings in Contemporary Japanese Inari Worship. Honolulu: University of Hawaii Press, 1999. 127-128

Cithakan:Japanese folklore long

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kitsune&oldid=835550"