Gunung Kilimanjaro
| Kilimanjaro | |||
| Papan | Lor-wétan Tanzania | ||
| Kutha paling cerak | {{{kota}}} | ||
| Negara | Tanzania | ||
| Tipe | Stratovolcano | ||
| Pungkasan njeblug | Ora tau njeblug ing cathetan sajarah | ||
| Kadhuwuran | 5.895 meter (19.340 kaki) | ||
| Koordinat | |||
- Kanggo album grup The Teardrop Explodes, pirsani Kilimanjaro (album).
Kilimanjaro (basa Swahili: kilima, gunung; njaro, sumunar) utawa biyèn diarani Kaiser-Wilhelm-Spitze iku gunung ing lor-wétan Tanzania. Gunung iki gunung paling dhuwur ing donya sing ngadeg bébas,[1] dhuwuré 4.600 m yèn diukur saka sikil gunung.
Puncak Kilimanjaro uga arupa puncak paling dhuwur ing Afrika, kanthi kadhuwuran 5.895 meter ing sadhuwuring permukaan laut. Gunung iki uga disebut Kilima Dscharo utawa Oldoinyo Oibor sing ateges gunung putih ing basa Masai.[2]
Kilimanjaro iku gunung geni strato raksasa sing saiki ora aktif, nanging nduwèni fumarol sing ngetokaké gas ing kawah sing ana ing puncak utama Kibo. Ing Tanzania, puncak Kibo ditepungi minangka Puncak Uhuru.[3] Ing taun 2003, vulkanolog Jerman sing asmané Volker Lorenz mrakirakaké magma cuwer ana ing sangisoré permukaan kawah ing kajeron 121,9 m (400 kaki).[4]
[sunting] Pirsanana uga
[sunting] Réferènsi
- ↑ SRTM Tanzania Images (deskripsi Kilimanjaro atau Kilima Njaro). Jet Propulsion Laboratory, California Institute of Technology. URL diaksès tanggal 19 Februari 2007
- ↑ Over Kilimanjaro. Universities Space Research Association (USRA) Earth System Science Education (ESSE) program. URL diaksès tanggal 19 Februari 2007
- ↑ Kilimanjaro Mungel Kélangan Saljuné Taun 2020. Kompas. URL diaksès tanggal 19 Februari 2007
- ↑ Volcano Above the Clouds. PBS Online. URL diaksès tanggal 19 Februari 2007
[sunting] Pranala njaba
- (id) Kilimanjaro, Gunung Putih sing Ora Sumunar Manèh Kompas, 15 Maret 2005
- (en) Climb Mount Kilimanjaro Situs pariwisata
- (en) Géografi Gunung Kilimanjaro
- (en) Situs web NASA Earth Explorer Foto perbandingan salju abadi taun 1993 lan 2000
- (en) Climbing Kilimanjaro Situs sawijining pendaki (George R. Fisher)
- (en) Kilimanjaro - A Climber's Journal déning Brad Wermers Jurnal sawijining pendaki Kilimanjaro.
|
|||||||||||||||||||||||