Khalid bin 'Abd al 'Aziz Al Su'ud
Khalid bin 'Abd al 'Aziz Al Su'ud (1912 - 13 Juni 1982) (basa Arab: خالد بن عبد العزيز) yaiku Raja Arab Saudi sawise prastawa dipatenine Raja Faisal yaiku nalika taun 1975 nganti tekan dheweke mati taun 1982.[1] Khalid dilantik dadi Putra Mahkota nalika taun 1965 sawise kakang kandunge Muhammad bin Abdul Aziz Al Su'ud nolak kanggo didadikake raja.[1] Dheweke ora duwe minat marang babagan politik lan menehake kakuwasn pamrentahan marang adhe tirine kang jenenge Putra Mahkota Fahd.[1] Kanggo mengeti penyusunan meneh Majelis Menteri-Menteri yaiku nalika taun 1975, Raja Khalid banjur ngangkat Putra Mahkota Fahd dadi Wakil Perdana Menteri.[2] Nalika ana ing taun 1976, Raja Khalid kapeksa kanggo lunga menyang Amerika Serikat kanggo golek pengobatan penyakit jantung kang diana ing awake.[2] Raja Khalid nakokake sawijining perkara menyang Presiden Jimmy Carter, Presiden Amerika Serikat nalika kuwi kanggo ngedol pesawat pejuang marang Arab Saudi kang digunakake kanggo mbrantas kegiatan komunis kang ana ing kana.[2] Pengantaran pisanan enebelas wujud peasawat pejuang F-15 ana ing sangisore perjanjian karo Presiden Carter kang kadaden nalika taun 1982.[2] Saperangan pemerhati saka njaba nganggep senjata tradisional lan kang wis suwe ora cocok meneh kanggo digunakake ana ing Arab Saudi.[2] Pendapat iki kanyata bener nalika sakurang-kurange ana 500 teroris kang nawan Masjidil Haram ana ing Kutha Mekkah nalika tanggal 20 November 1979.[2] Dheweke nggawe keputusan kanggo ngawa mlebu buruh asing menyang negara kanggo mbantu pembangunan negara.[2] Raja Khalid mati merga serangan jantung.[2] dheweke diganteni dening Putera Mahkota Fahd.[2]