Kraton Pangjalu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Kerajaan Kediri)
Pangjalu, Kadiri
1045–1221
Pernahé Pangjalu, Kadiri, utawa Daha
Pangjalu lan Janggala, ing tembé nggabung dadi Karajan Kadiri
Kutha krajan Daha utawa Kadiri (saiki Kutha Kadhiri)
Basa Jawa Kuna, Sangskreta
Agama Kajawèn, Hindhu, Buda, Animisme
Pamaréntahan Karajan
Raja
 •  1104–1115 Jayawarsa
 •  1200–1222 Kertajaya
Sajarah
 •  Airlangga mecah karajané dadi Pangjalu lan Janggala 1045
 •  Ken Arok saka Tumapel ngalahaké Kertajaya 1221
Valutah Koin mas lan pérak lokal
Sadurungé
Sawisé
Karajan Kahuripan
Karajan Singhasari

Karajan Pangjalu utawa kadhang ingaran karajan Kadiri utawa karajan Daha, yaiku sawijining Karajan kang dumunung ing Jawa Wétan watara taun 1042-1222M. Iku pecahan saka karajan Kahuripan saliyané karajan Jenggala. Karajan iki anané ing sisih kidul Jenggala lan ora nduwé garis pasisir. Karajan iki kasil tuwuh dadi karajan kang gedhé, wewengkon pengaruhe nganti ing pasisir-pasisir Kalimantan uga Ternate. Karajan sadulure yaiku Jenggala uga dikuasai yaiku wektu papréntahan ratu Kameswara kang mrentah wiwit taun 1116 M nganti 1136 M liwat perkawinan antara Kameswara kang wektu iku esih dadi putra makutha karo Dewi Kirana putri saka Jenggala.

Ibukutha karajan Pangjalu iku ing Kutha Daha, kang dumunung ing sakiwa tengene Kutha Kadhiri saiki. Satemene, Kutha Daha wis ana sadurunge Karajan Pangjalu ngadeg. Daha iku singkatan saka tembung Dahanapura, tegese kutha geni. Jeneng iki kasebut ing prasasti Pamwatan kang ditokake dening Prabu Airlangga taun 1042. Perkara iki sagandheng karo warta ing Serat Calon Arang yen, ing pungkasan pamrentahane Airlangga, ibukutha praja wis ora maneh ing Kahuripan, nanging pindah menyang Daha.

Sumber sajarah[besut | besut sumber]

Sumber sajarah karajan iki ana ing prasasti:

Saliyané iku uga ana kitab-kitab saka Cinten kang nyritaake karajan iki yaiku:

Sumber sajarah liya yaiku saka karya-karya sastra kang ditulis ing jaman Kadiri.

Seni lan sastra[besut | besut sumber]

Jayabaya[besut | besut sumber]

Narendra Pangjalu kang misuwur yaiku Prabu Jayabaya (1130-1160) kang misuwur kanthi Ramalan Jayabaya. Prabu Jayabaya jumeneng nata wiwit 1135-1157, kang nalika jaman panguasane ditulis Kitab Bharatayuda kang nyritakake perang sedulur antarane Pandhawa lan Kurawa.

Kadiri ambruk[besut | besut sumber]

Akeh kang dadi faktor penyabab Karajan Pangjalu ambruk, antarané:

  • gaya papréntahan Prabu Kertajaya kang kurang dijurung rakyat
  • pergolakan pulitik ing laladan-laladan kayatha ing laladan Tumapel (cedhak Malang)
  • kultus individu rajane kang njalari para Pandita Brahmana marah

Pergolakan pulitik ing Tumapel akhire njalari karajan Kadhiri dikuasai Ken Angrok kang lantes yasa karajan Singhasari ing wewengkon karajan Pangjalu, status Pangjalu dadi karajan bawahan.

Karajan Pangjalu Jilid II[besut | besut sumber]

Karajan Pangjalu (jilid II) iki lanjutan saka karajan Kadiri kang dadi bawahan karajan Singhasari lan dipanggedhèni déning Jayakatwang.

Ing taun 1292 M, salahsijining katurunan kraton Pangjalu yaiku Jayakatwang brasil mbalik ngrebut kekuasaan ing Singhasari, Jayakatwang lantes yasa manèh karajan Kadhiri (jilid II). Ing taun 1293 Karajan Kadiri pimpinan Jayakatwang iki akhire direbut manèh déning katurunan kraton Singhasari yaiku Radèn Wijaya.

Karajan Kahuripan > Karajan Pangjalu > Karajan Singhasari > Karajan Pangjalu (Jayakatwang) > Karajan Majapahit


 
Krajan ing Jawa

0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga
600-1500 (Hindu-Buddha): Mataram Kuna, Kahuripan, Janggala, Pangjalu, Singhasari, Majapahit, Pajajaran, Blambangan
1500-saiki (Islam): Demak, Pajang, Banten, Cirebon, Sumedang Larang, Mataram Enggal, Surakarta, Ngayogyakarta, Mangkunagaran, Pakualaman