Kepithing
| Kepithing Temporal range: Jurassic–Saiki |
|
|---|---|
| Liocarcinus vernalis | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Arthropoda |
| Subfilum: | Crustacea |
| kelas: | Malacostraca |
| ordo: | Decapoda |
| Suborder: | Pleocyemata |
| Infraorder: | Brachyura Linnaeus, 1758 |
| Bagéan lan subbagéan [1] | |
Kepithing iku sawijining kéwan anggota krustaséa asikil sapuluh saka upabangsa (infraordo) Brachyura, sing ditepungi nduwé "buntut" sing cendhak banget (basa Yunani: brachy = cendhak, ura = buntut), utawa sing wetengé (abdomen) ndelik sangisoré dhadha (thorax). Awak kepithing direksa déning warangka njaba sing atos banget, lan dumadi saka kitin, lan ndarbèni supit sapasang minangka sanjata.
Kepithing bisa ditemokaké saindhenging samudra donya. Ana uga kepithing banyu tawa lan kepithing dharat, kususé ing tlatah-tlatah tropis. Rajungan iku kepithing sing urip ing tlatah banyu asin segara lan arang munggah ing dharat, kamangka yuyu iku kepithing sing urip ing banyu tawa (kali lan tlaga). Saliyané iku uga ana kepithing sing urip ing dharat.
Kepithing iku manékawarna ragam ukurané, saka kepithing kacang sing ambané namung sawetara milimèter pasagi, nganti kepithing kemangga Jepang, sing ndarbèni rentangan sikil nganti 4 mèter.
Réferènsi [sunting]
- ^ Sammy De Grave, N. Dean Pentcheff, Shane T. Ahyong et al. (2009). "A classification of living and fossil genera of decapod crustaceans" (PDF). Raffles Bulletin of Zoology Suppl. 21: 1–109. http://rmbr.nus.edu.sg/rbz/biblio/s21/s21rbz1-109.pdf.
Pranala njaba [sunting]
Informasi sing magepokan karo Brachyura saka Wikispecies.