Kepe-kepe
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 72 dinten 1299 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Kepe-kepe Temporal range: 40–0 Ma |
|
|---|---|
| Kepe-kepe rakun, Chaetodon lunula, kadang mapan ing genus Rabdophorus | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| Superkelas: | Osteichthyes |
| kelas: | Actinopterygii |
| ordo: | Perciformes |
| Suborder: | Percoidei |
| Superkulawarga: | Percoidea |
| kulawarga: | Chaetodontidae |
Kepe-kepe menika nama kelompok iwak laut tropis kanti warna ingkang mencolok saking famili Chaetodontidae. Ulam menika ugi saged dipunsebut Chevroned Butterflyfish (Chaetodon trifascialis) [1] .Ulam menika kathah dipunpanggihaken wonten terumbu karang ing Samudra Pasifik, samudra Hindia, lan Samudra Atlantik. Ulam kepe-kepe gadhah kirang langkung 120 spesies ing 10 genera. Wonten pasangan spesies ing samudra Pasifik lan samudra Hindia, anggota saking genus ingkang ageng, Chaetodon, lan taksonomi. panalitèn énggal-énggal menika ngginakaken data sekuensi DNA ingkang mangsuli kathah pitakenan. Kathah subgenera ingkang dipunusulaken kanggé mbagi Chaetodon lan sakmenika dados jelas kados pundi kedahipun genus kasebut dipunbagi menawi kersa [2].
Kepe-kepe katingal kados versi alitipun iwak injel (Pomacanthidae), ananging boten kados iwak injel, kepe-kepe boten kagungan eri properkulum wonten ing tutup insang. Saperangan anggota genus Heniochus mirip Moorish Idol (Zanclus cornutus) saking famili monotipik Zanclidae. Ing antaraning Percoformes ingkang parafiletik , ulam injel boten tebih sanget kerabatipun kaliyan kepe-kepe, lajeng menawi Zanclidae langkung tebih [2].
Bab lan Paragraf |
Deskripsi dan ekologi [sunting]
Ulam kepe-kepe padatanipun kagungan ukuran alit. Kathahipun dawa 12 cm dumugi 22 cm. Spesies paling ageng kepe-kepe bergaris lan kepe-kepe pelana, C.ephippium, tuwuh dumugi 30 cm. Namanipun adhédhasar awak ingang warninipun terang kanthi pola mencolok wonten ing kathah spesies. Kanthi warna ireng, putih, biru, abang, jingga, lan kuning. Sirip buntun bunder ananging radi kepotong lan boten kagungan cabang, wonten ugi spesies ulam kepe-kepe ingkang kagungan warni biasa kemawon. Kathah ingkang bintik mata ing sisih awakipun saha pita peteng ingkang nglewati mata ulam kasebut, mirip pola ingkang katingal ing sayap kupu-kupu. Awakipun bunder pipih lan gampil anggenipun nepangi ulam menika ing terumbu karang, saengga tiyang ngira warni mencolok menika kanggé komunikasi antar spesiès.
Taksonomi [sunting]
Nama famili ulam kepe-kepe asalipun saking Basa Yunani kuno chaite ingkang ateges rambut lan odontos ingkang ateges waja utawi untu. Menika merujuk dhateng larikan waja ingkang kados sikat ing lambenipun saged dupundamel monyong. Chaetodontidae saged kapérang malih dados kalih garis keturunan ingkang saged dipunwastani minangka subfamilia. Ananging nama subfamili Chaetodontinae boten kanggé amargi kalebet tilaran saking masa nalika Pomacanthidae lan Chaetodontinae kagabungaken dhateng Chaetodontidae dados satunggal famili. Awit saking menika Chaetodontinae dipunanggep sinonim junior saking Chaetodontidae.
Galeri [sunting]
-
kepe-kepe lurik tembaga, Chelmon rostratus
-
Johnrandallia nigrirostris ingkang damel bingung
-
kepe-kepe matahari, Chaetodon kleinii (kadang mapan ing genus Lepidochaetodon)
-
kepe-kepe garis biru, Chaetodon bennetti (kadang mapan ing genus Megaprotodon)
Cathetan suku [sunting]
- ^ [1], (id) http://www.goblue.or.id (dipun-akses tanggal 15 November 2012).
- ^ a b [2], (id) http://www.iftfishing.com (dipun-akses tanggal 15 November 2012).