Kenikir
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 66 dinten 1220 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Kenikir | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Spermatophyta |
| kelas: | Magnoliophyta |
| ordo: | Fabales |
| kulawarga: | Asteraceae |
| Genus: | Cosmos |
| Species: | C. caudatus |
| Jeneng binomial | |
| Cosmos caudatus |
|
Tanduran kembang kenikir (Cosmos caudatus Kunth) yaiku tanduran kang nduwéni ambu kang khas, rada wangi lan rasa getir.[1]
Bab lan Paragraf |
Morfologi tanduran kenikir [sunting]
Tanduran kenikir yaiku tanduran perdu kang dhuwuré watara 75-100 cm lan nduwèni ambu kang khas. Watangè jejeg, segi papat, nduwèni alur mbujur, nduwèni cawang kang akèh, lan nduwèni ros kang warnané ijo rada wungu. Godhonge majemuk, nyilang adhep-adhepan, nyirip, pucuké lancip, pinggirané rata, dawané watara 15-25 cm, lan warnané ijo. Kembangé kalebu jinis kembang majemuk. [2] Lan nduwéni oyot serabut.[3]
Kandhutan bahan kimia [sunting]
Tanduran kenikir nduwèni rasa legi lan sifaté adhem. Bahan-bahan kimia kang kandhut ing tanduran kenikir ing antarané:saponin, flavanoid, polifenol, lang lenga asiri.[2] bahan kimia mau akèh kandhut ing bagéyan godhong kenikir.[3] Menawa oyoté ngandhut hidroksieugenol lan koniferil alkohol.[3] Sawijining penelitian uga nemuaké menawa godhong kenikir ngandhut senyawa kang nduwéni daya antioksidan kang cukup dhuwur.[1]
Manfaat [sunting]
Ing Indonesia godhong kenikir biasa didadeake salah sawijining jinis sayuran ing jero pecel.Sakliyane iku kenikir uga nduweni khasiat lan manfaat liyane ing antarane kanthi cara tradisional bisa digunaake kanggo ngobati kurang nafsu mangan, ngobati lemah lambung, penguat balung kadhutan lenga asirine bisa digunaake kanggo ngusir srangga.[1] [3] Senyawa kang nduwéni sifat antioksidan bisa macu prosès apoptosis lewat jalur intrinsik (jalur mitokondria). Pemacuan opotosis iki minangka salah sawijining cara penghambatan karsinogenesis utawa panyebab kangker.[1]