Kenari

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kenari
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Magnoliophyta
kelas: Magnoliopsida
ordo: Sapindales
kulawarga: Burseraceae
Genus: Canarium
Jeneng binomial
Canarium indicum L.
Canarium vulgare Leenh.

Kenari (Canarium amboinense Hoch.) yaiku tetanduran kang kalebu anggota suku Burseraceae kang ndarbèni potènsi ekonomi.[1] Tanduran iki asalé saka Malesia wétan lan dijupuk wohé kanggo dipangan, mliginé ing bagéyan wijiné.[1] Ing Indonésia, dhaérah kang ngasilaké kenari yaiku Maluku nganti Vanuatu.[1] Kenari uga ana ing negara liya yaiku Afrika, Nigeria Kidul, Madagaskar, Cina kidul, India, Filipina, lan bagéyan kidul Asia.[1]

Morfologi[sunting | sunting sumber]

Gagang[sunting | sunting sumber]

Gagangé jejeg kanthi werna pegagan klawu, kayuné putih, sarta téras coklat tuwa.[1] Yèn kulité diiris, ngetokaké tlutuh kenari kaya damar.[1] Wiwitané awerna putih lan kraket, banjur dadi kaya lilin awerna kuning pucet.[1] Tlutuh iki diarani gum elemi.[1] Gum elemi nduwni tekstur empuk, wernané rada putih, ambuné wangi kaya terpentin.[1] Wit kenari ngasilaké gum mung nalika godhong wiwit thukul.[1] Nalika mangsa ketiga, wit kasebut ana ing mangsa dorman, tanpa godhong, lan ora ngasilak resin.[1] Minyak elemi ora digunakaké kanthi akèh ing indhustri minyak wangi.[1] Trakadhang minyak elemi digunakaké kanggo bahan pewangi sabun lan preparasi teknik kang regané murah.[1] Nanging, miyak iki jumbuh digunakaké minangka bahan baku kanggo nggawé isolat fellandren kang digunakaké kanggo nggawé senyawa lenga atsiri tiruan.[1] Gum elemi wis suwé digunakaké kanggo plaster farmasi, salep, lan kanggo wènèhi sipat manteb ing vanish.[1]

Oyod[sunting | sunting sumber]

Sistem oyod tanduran kenari yaiku sistem oyod tunggang.[1] Ing sistem oyod tunggang, oyod primer siji utawa luwih ana oyod lateral kang nggantèkaké akar primer ing tahap wiwitan perkembangan cambah.[1] Cambah tuwuh luwih cepet lan dadi luwih gedhé sarta kuway tinimbang oyod-oyod liyané, saéngga kawentuk siji utawa luwih oyod-oyod utama.[1]

Godhong[sunting | sunting sumber]

Godhongé majemuk nyirip gasal kanthi 4-5 pasang pinak godhong kang ndrojog ndawa lan permukaané lunyu.[1] Godhong kenari ora duwé godhong penumpu.[1]

Kembang[sunting | sunting sumber]

Bentuk kembangé malai, nduwé kelamin siji, zigomorf, kelopak lan mahkotané wilangan 5, godhong kelopak lan godhong mahkota wilangan 5, godhong mahkota bébas.[1] Benang kasusun ing rong bunderan kang ora jangkep.[1]

Woh C. vulgare.

Woh[sunting | sunting sumber]

Bakal woh nduwé ruang 2 nganti 3, saben ruang ana siji nganti loro bakal wiji kang apotrop lan epitrop.[1] Wohé ana wijiné, gèpèng, dawa, ana 2-3 wiji ing saben woh.[1] Werna woh kenari yaiku ijo lan bentuké bunder kara endhog.

Wiji[sunting | sunting sumber]

Wiji kenari ngandhut lemak manis. Wijiné kang garing ngandhut 65% minyak lemak ( = ester , asam stearine , palminine , oleine , lan minyak wijen ).[1] Minyak lan lemak kuwi bahan tandhon wigati ing awak tetanduran kang asring ditemokaké ana wijiné.[1] Lemak lan minyak yaiku gliserida asam lemak.[1] Béda antarané lemak lan minyak padatan ing sipat fisiké.[1] Ing suhu normal, lemak awujud padhet lan miyak awujud cair. Lemak jarang disimpen ing godhong, gagang, lan oyod nanging akèh kang disimpen ing wijiné.[1] Lemak mesthi disimpen ing bagyan khusus ing sitosol lan asring ditemokaké atusan nganti éwonan ing saben sèl kang nyimpen lemak kasebut.[1] Bagéyan iki diarani lipid sferosom lan oleosom.[1] Oleosom iki bosa diisolasi saka wiji kanthi bentuk murni, saéngga bisa ditliti komposisi lan bagéyan-bagéyané.[1]

Budidaya[sunting | sunting sumber]

Budidaya kenari nggunakaké wijiné. Bathok wiji kuwo atos banget, mula prelu dianakaké pengikiran kanggo nggampangaké mlebuné banyu.[2] Prosès iki bisa nyepetaké perkecambahan saka 6-12 minggu dadi 3 minggu.[2] Kanggo ngakèhi winih, apiké digawé persemaian redan sawisé dhuwuré winih 0,5 cm.[2] Banjur dipindhah menyang papan kang wis disedyakaké lan ditandur kanthi jarak paling cendhak 10 m.[2] Woh sepisan kudu ditunggu udakar 7-10 taun.[3] Kanggo kebaké wit kenari kang subur kudu nunggu nganti 30 taun.[3] Nanging, yèn nandur wit kenari kanthi cara nyangkok, woh kenari bakal awoh sawisé umur 2-3 taun.[3]

Mupangat[sunting | sunting sumber]

Kenari dimangertèni nduwé èfèk pisitif kanggi kasarasan.[4] Woh kenari bisa ngudhunaké lemak ala, kolesterol, nyegah balung kropos nganti nglawan penyakit kanker.[4] Kenari kuwi salah sawijiné tanduran kang dadi sumber protèin kang apik.[5] Kenari ngandhut kadhar polifenol kang dhuwur banget.[5] Polifenol iki minangka antioksidan kang ngayomi awak saka molekul kang bisa ngrusak jaringan.[5] Kandhutan polifenol iki bisa ngudhunaké rèsiko kena penyakit kanker.[5] Sumber lemak omega-3 lan alpha linoleic acid (ALA) ana ing wiji kenari bisa ningkataké fungsi arteri, pembuluh getih kang nggawa getih saka jantung.[5] Saéngga kasarasan jantung bisa kajaga kanthi apik. Mangan kenari saben dina uga bisa nbantu nyegah kawentuké batu empedu.[5]

Lemak ora jenuh kang ana ing kenari bisa mbantu ngudhunaké kolesterol ala lan senyawa lipoprotein kang bisa nyebabaké aterosklerosis kanthi cara ningkataké pambekuan getih.[5] Kenari uga ngandhut asam amino esensial kang diarani L-arginine.[5] Asam amino iki bakal diowahi dadi oksida nitrat kang mbantu ningkataké iliné getih ing jero awak lan nyegah nyempité arteri.[5] Kenari asring diarani panganan utek amarga sugih omega-3 lan asam lemak kang ndarbèni peran utama ing fungsi optimal saka sèl-sèl utek, saéngga bisa nggawé pinter.[5] Senyawa melatonin uga ditemokaké ing kenari.[5] Maletonin iki mbantu banget kanggo ngurangi insomnia lan gangguan turu.[5] Kajaba kanggo kasarasan awak kang umum, kenari uga migunani kanggo wong lanang kang lagi ngarepaké anak. Ing woh kenari ngandhur asam lemak sehat kang bisa mbantu ningkataké kualitas sperma.[6] Kanthi cara nindakaké diet paling cepet 12 minggu ditambah mangan woh kenari kabukti bisa ningkataké prodhuksi gunggungé sperma lan kualitas sperma.[6]



Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af (id)Karakteristik Pohon Kenari(diundhuh 9 Januari 2013)
  2. ^ a b c d (id)Budidaya Kenari(diundhuh 9 Januari 2013)
  3. ^ a b c (id)Cara Menanam kenari(diundhuh 12 Januari 2013)
  4. ^ a b (id)Manfaat Kenari untuk Kesehatan(diundhuh 12 Januari 2013)
  5. ^ a b c d e f g h i j k l (id)Kenari Baik untuk Jantung dan Otak(diundhuh 12 Januari 2013)
  6. ^ a b (id)Manfaat Kenari untuk Pria(diundhuh 12 Januari 2013)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kenari&oldid=836215"