Ken Zhu
| Ken Chu | |
|---|---|
| Jeneng Cina | 朱孝天 |
| Pinyin | Zhū Xiàotiān (Mandarin) |
| Asal | Republic of China (Taiwan) |
| Pakaryan | actor, singer, model |
| Genre | Mandopop, Rock music |
| Label(s) | Sony Music Taiwan |
| Taun aktif | 2000–present |
| Associated acts | F4 |
Ken Chu lair tanggal (15 Januari 1979 (umur 33) ning Taiwan, dheweké kuwi penyanyi, aktor lan komposer ning Taiwan, dheweké uga anggota saka 4F.[1] Priya kang tau kerja dadi pegawae ning restoran Taiwan iki mbiyené tau nempuh pemdidikan ning Boon Lay Secondary School, Singapura.[1]
Nalika dheweké ddai pelayan ning restoran Taiwan, dheweké ketemu karo produser kang jenengé Cai Zhiping, produser kang dadi pambentuk grup musik kang kondhang, yakuwi boy band F4.[2][1] Awit kuwi dheweké miwiti nyanbut gawe ning donya entertainment kanthi cara paruh wektu dadi asisten para artis.[1] Dheweké akiré mulai tampil ning acara-acara drama serial kang nganteraké dheweké maring tingkat kasuksesan kang luwih dhuwur.[1] Dheweké tampil ning serial televisi kang judulé Meteor Garden lan serial lanjutané Meteor Garden II.[2] Ning film meteor garden pisan lan meteor garden kang kaping loro, dheweké mainaké peran bebarengan karo Jerry Yan, Vic Chu, Vanness Wu.[2][1]
Ning taun 2003, dheweké ddai pemeran utama ning film kang judulé Sky of Love, uga ning film kang judulé The Tokyo Trial kang diluncuraké ning taun 2006. [1] Ning donya tarik suara, dheweké ngerilis album solo kaping pisanané kang judulé On Ken’s Time ning taun 2005. [1] Ora namung kuwi, dheweké uga tau nulis buku resep masakan kang dijuduli Mei Wei Guan Xi (Delicious Relations) nalika tanggal 5 Januari 2006.[1] Buku kasebut dirilis ning Cina nalika tanggal 4 Juli 2006 lan uga dipasaraké ning Jepang patang wulan sawisé nyebar ning pasaran Cina.[1]
Ning tanggal 24 lan 25 Februari 2007, dheweké nggelar konser solo kaping pisanané ning Jepang. [1] Konser kasebut diselenggarakaké ning Tokyo International Forum Hall A lan bertajuk 2007 [I-KEN] 1st Concert. [1] Ning sasi Desember 2007, dheweké karo Iza Calzado ning film Filipina kang judulé Batanes: Sa Dulo ng Walang Hanggan (Batanes: Love Has No Borders) garapan sutradara Adolf Alix, produksi Ignite Media Films. [1]
[sunting] Filmografi
Dening Ken Chu[1]:
- 2003 Sky of Love
- 2006 The Tokyo Trial
- 2007 Batanes: Love Has No Borders
- 2009 Love
[sunting] TV Show
Dening Ken Chu[1]:
- 2000 Spicy Teacher
- 2001 Meteor Garden
- 2002 Meteor Garden II
- 2003 Love Storm
- 2004 City of Sky
- 2007 Chu Liu Xiang
- 2008 Wish to See You Again
- 2009 Momo Love