Kemladhèh

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Kemladhèh
Loranthus europaeus,Kemladhéh saka Eropa Etan
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Magnoliophyta
kelas: Magnoliopsida
ordo: Santalales
kulawarga: Loranthaceae
Genus: Loranthus
Jacq.

Kemladhèh utawa kemladhèhan (basa Indonésia: benalu, basa Latin:Loranthus, suku Loranthaceae) kuwi jenisé klompok tetanduran parasit obligat kang urip ana ing pang (dahan) wit tetanduran liyané. Kemladhèh bisa ditemokaké kanthi gampang ing wit-witan kang gedhé ing tlatah tropis. Tentanduran iki ngasilaké tlutuh utawa dhadhak kang lèngkèt. Panyebaran tetanduran parasit iki, mergané diréwangi déning unggas (ornithokori). Manuk kang mangan woh lan wijiné lan nelèkaké ing pang, lan wijiné banjur thukul nyambah. Wit siji iki gampang urip ana ing wit-witan ing tlatah tropis, kayata ing wit pelem, jeruk, jambu wiji, jambu kluthuk, jambu banyu, nangka, lan sapanunggalané.

[sunting] Kemladhèh sakjroning sanépa

Kemladhéh asring dikaitaké karo wong kang seneng mélu utawa numpang kepentingané ing usahané wong liya kanthi ora usaha dhéwé. Ing Basa Inggris karan parasit utawa hive

Idiom Alah limau déning kemladhèh, diparabaké tumrap wong kang ngrugèkake utawa nyusahaké uripé wong ing panggonan kang ditumpangi.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kemladhèh&oldid=653565"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès