Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Kemiri yaiku araning wit kang wohé kulité awujud atos, isiné ana kandhutané lenga, lan bisa digunakaké kanggo bumbu masak.Ing basa latiné asring kasebut Aleurites moluccana. Tanduran iki isih sakrabat karo ketéla pohung lan klebu suku Euphorbiaceae. Jroning dedagangan antarnegara dikenal minangka candleberry, Indian walnut, utawa candlenut. Wité disebut minangka varnish tree utawa kukui nut tree. Lenga sing dièkstrak saka wiji kemiri migunani jroning indhustri minangka bahan campuran cèt. Ora diweruhi kanthi cetha asal-usulé, tanduran iki nyebar wiwit saka India lan Cina, ngliwati Asia Kidul-wétan lan Nusantara, nganti Polinesia lan Selandia Anyar.[1] Ing Indonésia, kemiri dikenal kanthi akèh jeneng, antara liya: kembiri, gambiri, hambiri (Bat.); kemili (Gayo); kemiling (Lamp.); buah kareh (buah keras, Mink.; Nias); keminting (Day.). Uga muncang (Sd.); dèrèkan, pidekan, miri (Jw.); kamèrè, komèrè, mèrè (Md.); lsp.[2]
Pranala jaba [sunting]