Kembar Mayang

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
gambar Kembar Mayang

Kembar Mayang yaiku hiasan kang kagawé saka janur, woh-wohan lan kembang kang cacahé loro.[1] Kembar mayang dipercaya dadi salah sijining pérangan saka adicara panggih mantén Jawa.[1] Ngemu teges mawa pralambang kabentuké kulawarga anyar.[1] Kembang mayang mawi kembang jambé kang nembé megrok, klèwèran kang ambuné wangi.[1] Asliné budaya kembang mayang niru adicara kawinan kang dianakaké para bangsawan utawa penobatan raja.[1]

Kembar Mayang wis dadi pérangan kang kudu ana saben ing adicara manténan. Bagagan kuwi wiwit saka carita legenda Partakrama.[1] Dewi Supraba purun didadékaké garwa Danajaya mawa sarat jangkep bebana.[1] Déwi nyuwun "Kembar Mayang khayangan" Arupa "Klepu Jayadaru Dewadaru".[1] Klepu yaiku Kalpataru.[1] Wit Kalpataru dianggep mawi wit panguripan kang duwéni perangan kang apik kang bisa ngaruhi sekitaré.[1] Mula wit iki diimpékaké banget déning Déwi Supraba.[1] Bejané ana para Pandawa kang sanggup nyilih kembar mayang iki saka khayangan.[1]

Ancase Kembar Mayang[sunting | sunting sumber]

Kembar mayang dipasang mesthi duwéni ancas dhéwé, yaiku:

  • Kanggo adicara temon manten [2]
  • Mawi tolak bala[2]
  • Pakurmatan pelantikan pejabat[2]
  • Panghargyan marang wong kang duwéni jasa kaya déné pahlawan.[2]

Kembar mayang kang kanggo temon mantèn duwéni ancas:

  • Pasrèn, yaiku perhiasan kang dipanggonake ing sisih kiwa lan tengen kursi manten.[2]
  • Wewarah, yaiku pituduh lan naséhat kanggo nglakoni urip bareng.[2]

Perangan kanggo nggawe Kembar Mayang[sunting | sunting sumber]

  1. Debog, dadi pralambang bisa urip tahan, lurus, kuwat, bisa adaptasi ing iklim kang molah-maleh, saben sap mesthi mbanyu nandhakaké katentreman.[3]
  2. Mayang, kembang jambé, pralambang kaéndahan lan semerbak wangi.[3]
  3. Janur saking tembug jaanur(datangnya cahaya),kagem nyuwun nur cahaya illahi.[3]
  4. Godhong andhong ijo nglèwèr dawa pralambang kebak pakurmatan.[3]
  5. Godhong girang, kabahagyan[3]
  6. Godhong Wringin pralambang kukuh, ngayomi, lan nggawe adem.[3]
  7. Cengkir gading pralambang suci, kebak pangarepan lan atiné teguh.[3]
  8. Nanas, endah, kepenak, menawan, lan seger.[3]
  9. Melati, putih resik lan wangi, kasih suci nganti sanubari.[3]
  10. Kembang Kantil pralambang mesthi kepengen cedak, tentrem, aman lan bahagya.[3]
  11. Pari lan Kapas pralambang kamakmuran sandang lan pangan.[3]
  12. Tebu wulung, teguh lurus, seger lan legi.[3]
  13. Godhong-godhongan mawa pralambang kaslametan lan kamulyan.[3]

Sarat lan Gunane Kembar Mayang[sunting | sunting sumber]

Kembar mayang duweni sipat sakral, mula anggone nggawe kudu manut aturan lan anggone ndelehake ana ing panggonan kang kurmat.[2] Aturan lan gunane kembang mayang yaiku:

Wiwitan kembang mayang[sunting | sunting sumber]

  • Kudu nggunakake bahan kang wis dipilih lan paling apik[2]
  • Kudu digawe ing wektu kang lega lan ora ana kapreluan liya[2]
  • Pisanan digawe kudu bisa dadi lan rampung, ora entuk di ende-ende utawa diterusake ing dina liyan.[2]
  • Digawe ing ruwangan kang resi lan kurmat[2]
  • Wiwitan lan pungkasan kudu maca donga.[2]

Adicara ngupadi[sunting | sunting sumber]

Yaiku acara kanggo nggolek bahan-bahan kembar mayang.[2] Miturut adat ana telung paraga nggolek kembar mayang, yaiku:

  • Wong tuwa manten, duwenei teges menehi sangu urip[2]
  • Wakil pangpadi, yaiku “penjaga” kembar mayang, tegese mawa nasehat dene sarana iki mung nyilih kang pikantuk saka usaha kang abot, mula manten kudu bisa nebus karo tansah usaha kanggo uripe kulawarga.[2]
  • Widadari-widari pengawal kembang mayang, ngemu tegese wiwitan saka kamegahan ii bisa nganti dina kuwi, nanging kulawarga anyar iki kudu tansah usaha supaya bisa nduwe panguripan kang mapan.[2]


Kembar mayang panggonake rikala malem midadareni ing sisih kiwa lan tengen kursi manten, diiringi gendhing Lir-ilir.[2]

Kembar mayang mawi pendamping temon ana ing adicara panggih ana werna-werna carane:[sunting | sunting sumber]

  • Dijarake ajeg ing ngarep pelaminan[2]
  • Digawa saben pendamping manten jaler lan estri[2]

Diwangsulakene kembar mayang marang kang duwe[sunting | sunting sumber]

Maksude, kembar mayang iki tegese mung barang silihan, mula kudu dibalikake marang sing duwe, yaiku Kang Nggawe Urip.[2] Carane:

  • Kembar mayang diselehake ing perempatan dalan[2]
  • Dilabuh ing kali[2]

Perangane Kembar Mayang[sunting | sunting sumber]

Kembar mayang ngemu teges kiasan kang ngandut pangarep-arep ing mangsa sing arep teka.[4] Saben perangan kang ana ing Kembar mayang duwe teges dhewe-dhewe:

Saben calon manten nyiapake kembar mayang kang mengko bakal diijolake rikala malam midodari.[4]

Bahan-bahan Kembar Mayang[sunting | sunting sumber]

Kembar mayang kudu kabentuk saka 4unsur anyaman :Keris, walang, payung lan manuk.[5]

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l (id)Kembar Mayang (dipunundhuh tanggal 1 November 2012)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v (id)KEMBAR MAYANG & RONCE BUNGA MELATI (dipunundhuh tanggal 1 November 2012)
  3. ^ a b c d e f g h i j k l m (id)Kapan lagi (dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
  4. ^ a b c d e f (id)Kembar Mayang dan Pernikahan Jawa (dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
  5. ^ a b c d e f g h i j k l m n o (id)Simbolisasi Makna Budaya ‘Nebus Kembar Mayang’ dalam Pernikahan Adat Jawa Tengah (dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kembar_Mayang&oldid=886481"