Kembang teleng
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Kembang teleng | |
|---|---|
| Kembang teleng (Clitoria ternatea) | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Fabales |
| kulawarga: | Fabaceae |
| Subkulawarga: | Faboideae |
| Suku: | Cicereae |
| Genus: | Clitoria |
| Species: | C. ternatea |
| Jeneng binomial | |
| Clitoria ternatea L. |
|
Kembang teleng ing Kolkata, India
Kembang teleng (Clitoria ternatea) iku tetanduran ngrambat sing biasa ditemokaké ing pekarangan utawa pinggir alas. Tanduran anggota suku polong-polongan iki asal saka Asia tropis, nanging saiki wis sumebar ing kabèh dhaérah tropis.
Wiwit jaman biyèn tanduran iki ditandur ing pekarangan minangka pethètan amarga kembangé sing awarna biru padhang. Kembangé ing sawetara panggonan ing Asia Tenggara dipigunakaké minangka bahan mènèhiu werna kanggo panganan utawa jajanan. Ing Malaysia, ekstrak mahkota kembangé dianggo mènèhi werna ketan. Ing Thailand, minuman penyegar awarna biru saka ekstrak kembang iki dijenengaké nam dok anchan (น้ำดอกอัญขัญ). Ana uga varietas kanthi mahkota kembang sing awarna putih.
Jeneng lokal[sunting]
- Aparajita (Hindi)
- Gokarna (Marathi)
- Butterfly pea, Blue pea vine, Pigeon wings (Inggris)
- Bunga telang (Malaysia)
- Dok anchan ดอกอัญขัญ (Thai)
- nagar hedi (Kannada)
- Sankhupushpam (Malayalam)
Rujukan[sunting]
- "Plant of the Week—Clitoria ternatea". http://www.plantoftheweek.org/week043.shtml. Retrieved 2007-07-31.
- "Clitoria ternatea". Tropical Forages. http://www.tropicalforages.info/key/Forages/Media/Html/Clitoria_ternatea.htm. Retrieved 2007-07-31.