Kembang kertas
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 5 Desember 2012 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 97 dinten 283 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Kembang kertas | |
|---|---|
| Bougainvillea spectabilis | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Caryophyllales |
| kulawarga: | Nyctaginaceae |
| Genus: | Bougainvillea |
| Spesies | |
|
Bougainvillea buttiana |
|
Kembang kertas utawa kang populèr kanthi jeneng bugènvil (pocapan jroning Basa Inggris /ˌbuːɡɨnˈvɪliə/[1]cf. bougainville; jeneng èlmiah: Bougainvillea, utamane B. glabra) yaiku salah sawijining tanduran hias kang populèr. Warna kembang bugenvil kang apik lan manéka warna ndadèkaké kembang kertas disenengi banget karo penggemar tanduran kembang. Sakliyane iku, bugenvil uga gampang anggoné ngopèni.[2] Kembang Bugenvil nduwé kembang kang wernané apik lan ketel. Godhongé warnané ijo, menawa kembangé duwé werna kang manéka warna kayata abang, putih, kuning, lan jambon.[3]
Bab lan Paragraf |
Morfologi[sunting]
Morfologi tanduran kembang kertas:
- Watang : cilik, cawange akeh, eri bengkok.
- Godhong : kasebar nganti adhep-adhepan, ana cawange, bunder endhong, elliptis utawa ndawa, mucuk samangsa-mangsa pinggirane ana kang rata, 4-10 kaping 2-6 cm.
- Kembang : kasusun ing anak payung kang ana cawange, jumlahe 1-7 anak payung, saben anak payung isine ana telung kembang; anak payung ngumpul dadi malai pucuk kang ana godhonge.
- Godhong pelindung : lugguh, bunder endhong, ana balung godhonge, ora rontok, abang bata, ungu utawa karmin, 3-6 kaping 1,5-4 cm.
- Tenda kembang : bentuke tabung, ana rambute; tabung nduweni rusuk 5, nduweni segi 5, dawane 1,5-2,5 cm, warane ijo, lan bageyan ngisore rada mlembung lan bageyan iki tetep nylubungi woh, bageyan nduwur rontok; pinggirane amba, kuning, nduweni 10 taju, 5 mlengkung mlebu.
- Benang sari : biasane ana 8.
- Tangkai putik : luwih cendhek, kepala putik miring.[4]
Asal kembang kertas[sunting]
Kembang bugènvil asalé saka Brasilia, Amerika Selatan. Ahli Botani Perancis kang nemoaké kembang bugènvil ing dhaérah asalé. Nalika bali menyang Perancis ahli botani mau ngentèni kapal kang dinahkodai déning Commodore Louis de Bougainvilleuise. Kanggo ngaturké rasa matur nuwun marang nahkoda, ahli botani mau banjur njenengi tanduran kang ditemoaké mau kanthi jeneng Bougainvile utawa Bugènvil.[2]
Kandhutan bahan kimia[sunting]
Kembang kertas utawa bougainville utawa bugenvil nduweni rasa kang pait, kelat, lan anget. bahan bahan kimia kang kandhut ing bugenvil ing antarane betanidin, isobetanidin, 6-o-P-saphoroside, lan 6-o-rhamnosysophoroside.[5]
Manfaat[sunting]
Efek farmakologis kembang kertas ing antarane kanggo nglancarake peredaran getih.[5] Bageyan saka tanduran bugenvil kang bisa digunaake kanggo obat yaiku kembang lan watange.[5] Kembang lan watang kembang bugenvil minangka dipaduake karo tanduran liyane bisa digunaake kanggo ngobati wudun, keringet lan gatel-gatel (pruritis), Hepatitis, Haid kang ora teratur, Keputihan (leucorrhea) lan nyeri haid (dysmenorrhea), lara nalika haid lan getih haid kang kenthel, lan telat haid. [5]
Ngrawat kembang kertas[sunting]
Nalika nandur kembang kertas, diusahaake wit kembang ditandur ing panggonan kang kena padhangé srengéngé langsung, amarga kembang kertas luwih apik urip ing paggonan kang padhang. Srengéngé uga bisa ndadèaké kembang kertas urip subur lan kembangé cepet ketel.[3]
Kembang kertas nduwèni wit kang ketel, mula kudu kerep dikethoki watangé supaya wit kembangé kétok ringkes lan éndah. Yèn wit kembang rutin dikethoki uga bisa ngrangsang kembang cepet metuné.[3]
Kembang kertas uga butuh disirami banyu, nanging kudu digatèkna menawa banyuné ora perlu akèh-akèh. Yèn banyuné kakèhan bisa nyebabaké watange gampang bosok lan wit mati. Nalika ing musim udan kembang kertas ora perlu disiram manèh.[3]
Nandur kembang kertas bisa dilakoni kanthi cara setek batang, cangkok, okulasi, atau wiji.[5]
Cathetan Sikil[sunting]
- ^ Sunset Western Garden Book, 1995:606–607
- ^ a b (id)Daya Pikat Bunga Bugenvil
- ^ a b c d (id)Bunga Kertas
- ^ (id)Bougainvillea Spectabilis Willd
- ^ a b c d e (id)Khasian Tanduran kembang Kertas