Kembang Teraté

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Teraté
Teraté putih (Nymphaea alba)
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Magnoliophyta
kelas: Magnoliopsida
ordo: Nymphaeales
kulawarga: Nymphaeaceae
Genus: Nymphaea
Spesies

Sekitar 50 species:
Nymphaea alba
Nymphaea amazonium
Nymphaea ampla
Nymphaea blanda
Nymphaea caerulea
Nymphaea calliantha
Nymphaea candida
Nymphaea capensis
Nymphaea citrina
Nymphaea colorata
Nymphaea elegans
Nymphaea fennica
Nymphaea flavovirens
Nymphaea gardneriana
Nymphaea gigantea
Nymphaea heudelotii
Nymphaea jamesoniana
Nymphaea lotus
Nymphaeae lutea
Nymphaea mexicana
Nymphaea micrantha
Nymphaea odorata
Nymphaea pubescens
Nymphaea rubra
Nymphaea rudgeana
Nymphaea stellata
Nymphaea stuhlmannii
Nymphaea sulfurea
Nymphaea tetragona
Nymphaea tuberosa

Teraté (Nymphaea) iku jeneng genus kanggo tetanduran banyu saka suku Nymphaeaceae. Jroning basa Inggris ditepungi minangka water-lily utawa waterlily. Ing Indonesia, teraté uga digunakaké kanggo nyebut tetanduran saka genus Nelumbo (lotus). Nalika jaman biyèn, wong pancèn asring silih campur antarané tetanduran genus Nelumbo kayadéné seroja karo genus Nymphaea (teraté). Ing genus Nelumbo, kembang ana ing ndhuwur lumahingbanyu (ora ngambang), kelopak semu abang (teraté warna putih nganti kuning), godhong wangun lingkaran penuh lan rimpangé biasa dikonsumsi.

Tetanduran tuwuh ing lumahing banyu sing anteng. Kembang lan godhong ana ing lumahing banyu, metu saka gagang sing asalé saka rizoma sing ana ing njero lendhut ing dhasar blumbang, kali utawa rawa. Gagang ana ing tengah-tengah godhong. Godhong wangun bunder utawa wangun oval sing amba sing ketugel ing driji-driji nuju gagang. Lumahing godhong ora ngandhut lapisan lilin saéngga banyu sing tiba menyang lumahing godhong ora mbentuk butiran banyu.

Kembang ana ing gagang sing arupa dedawan saka rimpang. Diameter kembang antarané 5-10 cm.

Teraté kapérang saka watara 50 spesies sing kasebar saka wilayah tropis tekan dhaérah subtropis ing saindhenging donya. Teraté sing tuwuh ing dhaérah tropis asalé saka Mesir.

Mitos asal usul kembang teraté[sunting | sunting sumber]

Kembang terate

Dhek jaman biyen, ing tlatah Gunung Semeru ana raja kang wicaksana lan gemati banget marang rakate.[1] Mimpin salah sijine krajan sing jenenge Umbul Wening, kang arane Raja Ranubanu.[1] Payamabakipun nduweni putri tunggal sing ayu banget, jenenge Dewi Arum.[1] Ananging putri mau duwe karemenan kang ora apik yaiku yen ta lagi adus lumban dholanan banyu ing sendhang, dheweke lali madhang, ngaso, lan wektu.[1] Semono uga tugas liyane kang ndadekake raja lan prameswari asring ngelikake tumindake.[1] Nuju sawijining dina, ana pagebluk sing nggegirisi banget yaiku saben ana pendhudhuk sing kena banjur engga tewas.[1] Raja sedhih banget mikirake kahanan iki, wis akeh tabib lan brahmana sing ditekakake kanggo ngawekani, nanging ora kasil.[1] Rikala raja wis nyedhaki pasrah teka sawijining brahmana banjur ngadhep sang Raja.[1] Brahmana iku crita yen ta ing sjroning semedine kaya-kaya dheweke entuk wangsit yen wabah pagebluk kuwi bisa diprantasi nganggo sajinise sekar ing thukul ana satengahe telaga sing ana sajroning alas Kredo Wahana, lan kudu dijipuk dening putrine raja dhewe.[1] Raja meneng sautara mbayangake yen papan pinuju alas iku banget mbebayani , akeh kewan brangasan, lan nggegirisi.[1] Anging pikiran iku dipendhem jero dening raja, amarga katresnane luwih marang rakyate.[1] Dewi Arum banjur ditimbali raja, banjur dicritakake sababe.[1] Dheweke banjur mangkat lan dikancari dening Nyi Empul yaiku dhayang kesayangane.[1] Ana saben dalane akeh alangan lan pacoban sing ditemoni, ananging kabeh iku ora digagas.[1] Wusanane kekarone bisa tekan tlaga kang banyune bening banget.[1] Dewi Arum banjur ora bisa nahan dhiri, banjur lelumban, lan adus sakatege.[1] Nyi Empul banget ngelikake saka tugase ananging bola-bali malah ora digagas blas.[1] Raja lan sakatege rayate wis padha ngenteni, ananging sing dienteni ora teka-teka.[1] Raja banget sedhihe nalika sang prameswari uga katularan pagebluk iku.[1] Amarga ora sabare banjur sang raja nusul sang putri maring wana.[1]

Teraté dawa

Satekane ana tlaga iku, apa sing dipersani?[1] Raja ora kuwat ngedhem dukane, amarga mirsani Dewi Arum enak-enakan ciblon lan lelumban dolanan banyu.[1] Tanpa sadhar raja ngendikan: “Hei Dewi Arum, apa kowe wis lali marang tugas sing takembanake? Ora sapantese kowe dadi putrine raja! Luwih becik wae kowe dadi penunggune telaga iki wae!!!”[1] Kersane Gusti Kang Murbengdumadi sawise nyaba, Dewi Arum banjur ilang saka pandulu.[1] Anane mung satekem sekar sing endah ana ing tengah-tengahing telaga.[1] Raja katenggengen lan getun banget nalika mirsani sekar Terate.[1] Kanthi rasa sedhih lan deresing waspa, sekar mau dijupuk banjur digawa bali.[1] Saka kuwasaning Gusti, sekar tertate iku bisa nambani prameswari lan kabeh rakyate.[1]

Manfangate Kembang Teraté[sunting | sunting sumber]

Godhong lan gagange bisa kanggo obat mencret sing ana getihe utawa disentri.[2] Oyode kanggo obat nguyuh sing kurang lancar.[2]


Kembang Terate.JPG

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab (jv) Mitos asal usul kembang teraté kajupuk saka: Panjebar Semangat, No. 17 tanggal 24 April 2004 Kaca : 45.
  2. ^ a b (id) Wiyoto, Laksono. Macam-macam Ramuan Asli Obat Tradisional (Warisan Para Leluhur). Sala: AMIGO, Kaca: 74-75

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kembang_Teraté&oldid=829514"