Kembang Kecubung
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Kecubung | |
|---|---|
| 'Fastulosa' | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| (unranked): | Angiospermae |
| (unranked): | Eudicots |
| (unranked): | Asterids |
| ordo: | Solanales |
| kulawarga: | Solanaceae |
| Genus: | Datura |
| Species: | D. metel |
| Jeneng binomial | |
| Datura metel |
|
Kecubung iku tetanduran sing klebu keluwarga Solanaceae, sakerabat karo terong lan kenthang. Kecubung biasané kembangé putih lan ungu, nanging hibridané ngembang anéka warna. Diprakirakaké tetanduran iki pisanan dipigunakaké minangka obat-obat ing abad kaping sepuluh. Kecubung ana sing asalé saka Asia Kidul-Wétan, nanging ana uga sing asalé saka Bawana Amérika.
Kecubung urip ing papan sing iklimé panas, lan dikultivasi ing saindhenging wilahan donnya amarga zat kimia sing dikandhung lan uga kanggo tetanduran hias. Pisanan ditepungaké déning Linnaeus ing taun 1753, nanging sacara botanis isih durung pas ngenani gambaran lan panjlasan bab kecubung. Wilayah asal sing dadi sumber tetanduran iki ora bisa dingertèni sacara temenan.[1]
[sunting] Réferènsi
- ↑ Preissel, Ulrike; Hans-Georg Preissel (2002). Brugmansia and Datura: Angel's Trumpets and Thorn Apples. Buffalo, New York: Firefly Books, 120–123. ISBN 1-55209-598-3.