Kembang Bakung

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Bakung
Kembang Lilium bulbiferum ssp. croceum
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Magnoliophyta
kelas: Liliopsida
ordo: Liliales
kulawarga: Liliaceae
Genus: Lilium
Species: wacanen artikel

Tetanduran Bakung arupa bagéyan saka genus Lilium, jeneng tetanduran iki jroning basa Inggris yaiku lily. Ana watara 100 suku jroning kulawarga bakung (Liliaceae).

Tetanduran iku bisa nyelarasaké dhiri karo habitat alas, asring uga pagunungan, lan sok-sok habitat pasuketan. Sapérangan antarané bisa urip ing rawa. Umumé tanduran iki luwih cocok manggon ing habitat kanthi lemah sing ngandhut kadhar asam saimbang.

Bakung biasané duwé gagang sing kukoh. Akèh-akèhé saka suku bakung mbentuk umbi polos ing jero lemah. Ing sapérangan suku Amérika Lor dhasar saka umbi iki tuwuh dadi rizoma.

Kembang bakung sing gedhé duwé telu godhong kembang, sok-sok wangi, lan ana ing manéka warna seka putih, kuning, jingga, jambon, abang, ungu, warna tembaga, nganti mèh ireng. Ana uga corak arupa bintik-bintik.

Ing ngisor iki suku-suku saka bakung sing wis ditepungi:

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kembang_Bakung&oldid=606739"