Kebon botani
Kebon botani (utawa taman botani) iku sawijining lahan sing ditanduri wiwitan werno-werno dienggo koleksi, penelitian, lan konservasi ex-situ (ing njobone habitat). Selain kuwi, kebon iki ugo digawe nggo sarana wisata lan pendidikan marang pengunjung. Arboretum kuwi semacam kebun botani sing ngoleksi wiwitan.
Ing sak njerone kebon iki, wiwitan koleksi dipelihara lan diwenehi keterangan jenenge ugo informasi-informasi liyane sing berguna marang pengunjung. Biasane ing kebon iki ugo duweni perpustakaan lan herbarium. Keduanya diperluake nggo penelitian lan dokumentasi. Identifikasi/klasifikasi kuwi hal sing umum dilakuake ing kebun botani. Kebun botani ugo duweno bangunan khusus nggo nguripi wiwitan sing ora iso urip dengan keadaan iklim alami tempat itu utawa merluake perawatan khusus. Bangunan kuwi iso kawujut rumah kaca utawa klimatron lan iklim buatan iso diatur sesuai kebutuhan.
Umume kebon botani iso dikunjungi kabeh. Biasane sing duweni kebon botani iso suatu lembaga tertentu, negara, utawa perorangan. Nanging ora kabeh kebon botani dibuka nggo umum, contohne Chelsea Physic Garden.
Kebon botani ing Indonesia cacah-e ora okeh. Kebon botani duwek-e negara ing Indonesia ngawe istilah "Kebon Raya" amergo jembar tenan. Di bawah LIPI/negara ana papat kebon botani, yaiku Kebon Raya Bogor, Kebon Raya Cibodas, Kebon Raya Purwodadi (ing Lor kutha Malang), lan Kebun Raya Eka Karya Bali ing Bedugul, Bali. Puspiptek Serpong ugo duweni Kebun Botani Puspiptek Serpong. Taman Buah Mekarsari kuwi kebon botani sing khusus gawei taneman buah-buahan. Ing Tawangmangu ugo ana taman koleksi taneman obat-obatan duweke Balittro.
Pranala njaba[sunting]
- (id) Kebon Raya Bogor
- (en) Brooklyn Botanic Garden
- (en) Royal Botanic Gardens, Kew
- (en) New York Botanical Garden
- (en) Royal Botanical Gardens, Burlington, Ontario
- (en) Royal Gardens of Herrenhausen, Hannover
- (en) Chicago Botanic Garden
- (en) Hortus Botanicus Leiden
- (en) United States Botanic Garden
- (en) Frederik Meijer Gardens and Sculpture Park
- (en) Botanic Gardens Conservation International
- (en) Fort Worth Botanic Garden