Kebon Raja Ragunan

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Kebun Binatang Ragunan

Kebon Raja Ragunan jroning (basa Indonésia:Kebun Binantang Ragunan) menika salah setunggaling kebon raja ingkang panggenanipun wonten ing dhaérah Ragunan, Pasar Minggu, Jakarta Kidul, Indonésia.[1] Kebon raja Ragunan menika wiyaripun kirang langkung 140 hektar.[1] Kebon binatang Ragunan menika dipundamel nalika taun 1864.[1] Wonten ing kebon raja menika kathah koleksi kéwan-kéwan.[1] Kéwan-kéwan menika kadosta unggas (manuk pelikan, merak, elang, saha sanes-sanesipun), primata (kethek, bekantan, saha sanes-sanesipun), jinis-jinis ula, beruang madu, gajah, rusa, unta, jaran nil, banteng, lawa.[1] Kejawi menika ugi wonten macan, macan putih, singa, baya, bruwang.[1] Kejawi kathah koleksi kewan-kewan wonten kebon raja Ragunaan menika ugi wonten panggenan kangge dolanan laré-laré.[1] Saben taun, cacahipun pengunjung sangsaya mindhak.[2] Nalika taun 2003, cacahipun tiyang ingkang rekréasi wonten ing kebon raja menika 3.121.677 tiyang.[2] Nalika liburan sasi Juli taun 2004, sajrone setunggal wulan cacahe wong kang rekreasi ngantis 334.782 tiyang.[2] Wiwitanipun, kebon raja menika manggen wonten ing areal ingkang wiyaripun 10 Ha kagunganipun salah setunggaling pelukis pribumi ingkang misuwur kanthi asma Raden Saleh. [2] Panggenanipun wonten ing punjering kitha Jakarta inggih menika wonten pusat kesenian jakarta Taman Ismail Marzuki Cikini. [2]Taun 1864 Kebun Binatang menika dipunkelola kaliyan perhimpunan Penyayang Flora saha Fauna ing Jakarta ( Culturule Vereniging Planten en Direntuin at Batavia ). [2]Sasampunipun revolusi taun 1949 dipungantos dados Kebon Raja Cikini.[2] Pamaréntah DKI Jakarta banjur mindah wonten ing areal ingkang langkung wiyar inggih menika wonten ing Ragunan Jakarta Selatan.[2] Kebon raja menika banjur dipunwastani Taman Margasatwa Jakarta saha langkung misuwur kanthi nama Kebun Binatang Ragunan.[2]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g (id)kumpulan info wisata(dipunundhuh tanggak 20 September 2011)
  2. a b c d e f g h i (id)kbi.gemari.or.id(dipunundhuh tanggal 20 September 2011)


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kebon_Raja_Ragunan&oldid=637279"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès