Kebon Botani Batumi
| Kebon Botani Batumi | |
|---|---|
|
|
|
| Informasi Umum | |
| Jenis | Kebon botani |
| Panggon | Batumi, Republik Otonomi Adjara, Georgia |
| Koordinat | 41°41′33.78″N 41°43′11.22″E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga |
| Taun madeg | 3 November, 1912 |
| Dioperasiaké | Pamaréntah Batumi |
| Status | - |
Kebun Botani Batumi (Basa Georgia: ბათუმის ბოტანიკური ბაღი) kuwi sawijining kebon botani sing nduwèni jembar 111 hèktar, dumunung ora kurang 9 Km arah Lor saka kutha Batumi, Ibukutha Republik Otonomi Adjara, Georgia. Kebon iki dumunung ing daerah sing luwih dikenal kanthi jeneng Basa Rusia: Mtsvane Kontskhi sing maknané “Tanjung sing Ijo” ing pesisir Segara Ireng, lan kebon iku kalebu salah sawijining kebon botani sing paling gedhé ing tilas negara Uni Soviet.[1]
Kebon botani iki diadegaké déning botanis Rusia, Andrey Nikolayevich Krasnov (1862 - 1914), sedulur lanang saka Jenderal Pyotr Krasnov, ing taun 1880an lan resminé dibukak ing 3 November, 1912. Pas mbangun kebon iki , dewekne direwangi déning 2 tenaga ahli perkebunan lan dekorator, sing karo-karoné kabangsan Prancis yaiku D’Alphonse lan Georgian Yason Gordeziani. Andrey Nikolayevich Krasnov tilar donya ing taun 1914 lan disarèkaké ing njero kebune lan majang recané.[2]
Nalika isih dadi bagéan saka pamaréntahan Uni Soviet, kebon iki dikembangaké lan dibangun luwih apik, lan wiwit taun 1925, dadi pusat institusi kanggo nyinaoni budaya Kaukasus sub-tropis maritim. Saiki, kebon iki dipébrang dadi sangang daerah bagian kembang, Caucasian humid subtropics, Asia Kidul-Wétan, Selandia Anyar, Amérika_Kidul, Himalaya, Meksiko, Australia, lan [Segara Tengah]]. Kebon iki nduwèni kolèksi ora kurang saka 2037 taksonomi saka “ligneous plants”, ing ngendi 104te asale saka Caucasian .[3]Kebon ini sak durunge dioperasèkaké déning bagéan Akademi Kaèlmuan Georgia, lan wiwit taun 2006, dikelola déning badan indhepèndhen.
[sunting] Referensi
- ↑ (Basa Rusia) Батумский ботанический сад. The Great Soviet Encyclopedia, 3rd edition (1969 – 1978). Diakses pada 23 September, 2007
- ↑ Situs Resmi Batumi. Diakses pada 23 September, 2007.
- ↑ Invest in Adjara. Government of the Autonomous Republic of Adjara. Batumi, 2007. Accessed on 23 September, 2007.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.