Kayu putih
| Kayu putih | |
|---|---|
| Kayu putih dari Koehler | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Myrtales |
| kulawarga: | Myrtaceae |
| Genus: | Melaleuca |
| Species: | M. leucadendra |
| Jeneng binomial | |
| Melaleuca leucadendra (L.) L. |
|
Kayu putih (Melaleuca leucadendra) uwis dikenal ning masyarakat desa atawa kutha kanggo ngurangi bengkak lan nyeri [1]. Lenga kayu putih, kasil saka kayu putih kuwi uga uwis dadi salah sawijining produk kahutanan kang kondhang[2] Kabeh saka bagiané kayu putih bisa dimanfaatké, saka kulitkayuné,godhong, epang lan uwohé bisa dimanfaatké dadi obat[1]. kayu putih bisa digunakaké kanthi cara diremes lan ditempelaké marang awak kang lara, atawa diombè banyu godhoganné[1]. Lenga Kayu Putih kuwi lenga atsiri kang disuling godhongé lan epang saka tanduran kayu putih (Melaleuca leucadendron)[3]. Tanduran iki ana ing daerah Indonesia Wetan lan Australia Lor, lan ning daerah liya kang anduweni mangsa rendeng kang jelas[3]. Minyak kayu putih gampang nguwab [3]
Bab lan Paragraf |
Khasiaté Kayu Putih[sunting]
- Ngilangaké bengkak[1]
- ngilangaké nyeri (analgetika)[1]
- Lara radang usus[1]
- Mencret[1]
- Rematik[1]
- Gatel-gatel[1]
- Asma[1]
- Radang kulit ekzema[1]
- Imsomnia[1]
- Mumet[1]
- Parfum[3]
- Lenga gosok [3]
- Godhongé kang uwis garing isa kanggo panambah stamina [4]
- Ngusir nyamuk[4]
- Ekzema, kulit lara merga alergi[5]
- radang kulit [5]
- Neuralgia. nyeri ning balung lan syaraf [5]
- Mabuk kendaraan[5]
Morfologis Tanduran Kayu Putih[sunting]
Ciri-ciriné tanduran kayu putih yaiku:
- Dhuwuré watara 10 nganti 20 meter[1]
- Kulit kayu lapis-lapis, warnané putih, atawa klawu lan nglotok ora karuan[1]
- kayuné ora patiya gedhe, epangé nggantung mengisor[1]
- Godhong tunggal bentuké jorong lan langset dawane kira-kira 4,5-15 cm, ambané 0.75-4. pucuk lan bongkoté lancip, pinggiré rata, lan balung godhongé sejajar[1]
- pinggir godhong anduweni rambut[1]
- warané godhong ijo kasoklatan[1]
- menawa godhong kayu putih diremes ambuné wangi tinuli seger[1]
Kandhungané Kayu Putih[sunting]
Kayu putih anduweni kandungan [5]:
- sineol
- melaleucin
- minyak atsiri (kang kalebu erpineol, cineol lan lignin
|
||||||||
Chatetan Suku[sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t (id)EFEK ANALGETIKA EKSTRAK ETANOL DAUN KAYU PUTIH (Melaleuca Ieucadendron L) PADA MENCIT JANTANdipununduh tanggan 18 April 2011
- ^ STANDARISASI & LINGKUNGAN HUTANdipununduh tanggal 20 April 2011
- ^ a b c d e (id)Pengujian Mutu Cajuput Oildipununduh tanggal 18 April 2011
- ^ a b KOMPASdipununduh tanggal 20 April 2011
- ^ a b c d e www.iptek.net.iddipununduh tanggal 20 April 2011