Katwijk (Zuid-Holland)

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gemeente Katwijk (Zuid-Holland)
Katwijk flag outline.png Wapen katwijk.PNG
Gendéra Katwijk (Zuid-Holland) Lambang Katwijk (Zuid-Holland)

Locatie Katwijk.png

Katwijk (Zuid-Holland) ing Walanda

Katrangan cekak
Provinsi: Zuid-Holland
Jembar: 31,06 km²
Pedunung: 61.371 jiwa (31 Mei 2009)
Situs wèb resmi: http://www.Katwijk (Zuid-Holland).nl
Pulitik
Burgemeester (Walikutha): drs. Jos Wienen

Katwijk iku sawijining gemeente ing provinsi Zuid-Holland, Walanda. Dunungé ana sakuloning Walanda ing pesisir Segara Lor. Kutha utawa gemeente iki nduwé pedunung 61.292 jiwa. Gemeente iki ambané 31,06 km² lan saka iki kurang luwih 6,41 km² iku banyu. Kutha iki wewatesan karo Noordwijk, Teylingen, Oegstgeest, Leiden, lan Wassenaar. Ing tanggal 1 Januari 2006, Rijnsburg lan Valkenburg dicaplok déning Katwijk.

Katwijk iku dunungé kurang luwih 16 km saloring Den Haag lan 6 km sakuloning Leiden. Katwijk iku kutha pasisir sing kerep dienggo plesiran lan sawijining manten désa nelayan. Mèmper kaya Urk lan Staphorst, Katwijk iku kerep dianggep minangka baluwerti kaum Protèstan kamangka wong-wong sing taat marang agama bisa dianggep minoritas. Katwijk iku uga iku papan sangabé kali Rijn mili menyang sagara.

Bab lan Paragraf

[sunting] Puser populasi

Katwijk iku katata saka puser populasi ing kapacak ing ngisor iki (cacahé pedunung iku miturut tanggal 1 Januari 2005):

  • Katwijk aan den Rijn tegesé "Katwijk ing Kali Rijn" (5.916 jiwa)
  • Katwijk aan Zee tegesé "Kawijk ing Sagara" (22.405 jiwa)
  • Hoornes-Rijnsoever (13.845 jiwa)
  • Rijnsburg (15.450 jiwa)
  • Valkenburg (3.904 jiwa)

Désa nelayan Katwijk aan Zee lan désa tani Katwijk aan den Rijn iku mbiyèn rong papan sing séjé. Balé kutha iku enggoné ana ing Katwijk aan de Rijn, cedhak karo watesé Katwijk aan Zee. Hoornes-Rijnsoever iku enggoné saloring Katwijk aan Zee. Sawétaning Katwijk aan de Rijn yaiku Rijnsburg lan sakiduling yaiku Valkenburg. Komunitas-komunitas iki saiki wis tumuwuh dadi siji: Katwijk. Utamané Katwijk aan Zee iku nduwé karakter dhéwé, budaya séjé. Ing kéné sawijining dialèk basa Walanda lawas isih dipituturaké lan diarani Strand-Hollands utawa "basa Walanda pesisiran".

[sunting] Sajarah

Katwijk iku papané ana ing pasisir Segara Lo ring sangabing kali Rijn Tuwa. Ing jaman prasajarah, suku Jermanik Catten urip ing kéné. Jeneng Katwijk iku asalé saka jeneng Catten iki lan wijk sing tegesé "kampung" utawa "désa". Nalika jaman Romawi, kali Rijn iku wates lor Kakaisaran Romawi lan ing Katwijk ana kutha Romawi sing diarani Lugdunum Batavorum. Kutha iki diwangun nalika jumenengé Kaisar Claudius (41-54). Kutha iki kerep digandhèngaké karo kutha Leiden sing dunungé ana sisih wétan, nanging sajatiné papané ana ing Katwijk. Ing taun 1520 ana sawijining markas bala Romawi sing ditemokaké ing Katwijk lan diarani Brittenburg. Nanging markas iki kelelep ing sagara ing abad kaping 18.

Jeneng Katwijk dhéwé kapisan ditulis ing taun 1231 minangka Catwijck.

Nalika Perang Donya II, mayoritas gedhong ing Katwijk aan Zee digempur Wadya Bala Nazi Jerman supaya bisa ngedegaké "Tembok Atlantik". Ing tlatah Katwijk, saya manèh sisih kidul saantarané wukir-wukir wedhi isih akèh bunker-bunker PD II. Bulevar ing Katwijk iku dibangun sawisé PD II.

[sunting] Transportasi umum

Katwijk ora nduwé stasiun sepur. Stasiun sing cedhak dhéwé iku ana ing Voorhout lan Leiden. Katwijk iku nduwé konèksi bus karo Voorhout, Leiden, Den Haag, Haarlem, Nieuw Vennep lan Zoetermeer. Jalur RijnGouweLijn iku rencana anyar kanggo nggandhèngaké Katwijk karo Gouda mawa sarana rèl sepur.

[sunting] Putra kutha

[sunting] Atraksi turis

Katwijk iku papan padusan sagara, dadi nalika musim panas akèh wisatawan asing, umumé saka Jerman sing padha teka. Mulané akèh hotel ing Katwijk. Saliyané panté, ing Katwijk uga ana sawatara museum lan gréja lawas. Muséum-muséumé antara liya yaiku Muséum Nelayan Katwijk, Muséum Spinoza lan Space Expo, muséumé ESA. Banjur uga ana museum lokomotif kukus cedhak ing tlaga Valkenburg.


[sunting] Pranala jaba


 
Gemeente ing provinsi Holland Kidul (Zuid-Holland)
Gendéra provinsi Zuid-Holland

Alblasserdam · Albrandswaard · Alkemade · Alphen aan den Rijn · Barendrecht · Bergambacht · Bernisse · Binnenmaas · Bodegraven · Boskoop · Brielle · Capelle aan den IJssel · Cromstrijen · Delft · Den Haag · Dirksland · Dordrecht · Giessenlanden · Goedereede · Gorinchem · Gouda · Graafstroom · Hardinxveld-Giessendam · Hellevoetsluis · Hendrik-Ido-Ambacht · Hillegom · Jacobswoude · Katwijk · Korendijk · Krimpen aan den IJssel · Lansingerland · Leerdam · Leiden · Leiderdorp · Leidschendam-Voorburg · Liesveld · Lisse · Maassluis · Middelharnis · Midden-Delfland · Moordrecht · Nederlek · Nieuw-Lekkerland · Nieuwerkerk aan den IJssel · Nieuwkoop · Noordwijk · Noordwijkerhout · Oegstgeest · Oostflakkee · Oud-Beijerland · Ouderkerk · Papendrecht · Pijnacker-Nootdorp · Reeuwijk · Ridderkerk · Rijnwoude · Rijswijk · Rotterdam · Rozenburg · Schiedam · Schoonhoven · Sliedrecht · Spijkenisse · Strijen · Teylingen · Vlaardingen · Vlist · Voorschoten · Waddinxveen · Wassenaar · Westland · Westvoorne · Zederik · Zevenhuizen-Moerkapelle · Zoetermeer · Zoeterwoude · Zwijndrecht

Walanda | Daftar provinsi Walanda | Daftar Kutha Walanda
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Katwijk_(Zuid-Holland)"