Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Katengkas yaiku piranti tambahan ana ing pit lan uga ing pit montor kanggo nutup gir lan rante supaya wong kang nganggo ora nyenggol lan kena reget saka gemuk utawa oli kang nemplek ono ing rante.
Katengkas bisa kagawe saka blèk utawa plastik lan nduweni ukuran kang macem-macem, saka sing nutup rapet kabeh rante ngisor-nduwur lan gir ngarep-mburi kaya ing pit jawa lan pit jèngki, uga ana sing mung nutup rane lan gir sisih ndhuwur wae.
|
|
|
Katengkas rapet, modhel pit jawa
|
|
|
Huffy Flaming Stack chain guard
|
|
|
Pit BMX with a chain guard bolted to the frame
|
|