Karisma Kapoor
| Karisma Kapoor | |
|---|---|
Karisma Kapoor ing adicara Taunan Nokia ka-14 Star Screen Awards (2008). |
|
| Lair | Karishma Kapoor 25 Juni 1974 (umur 38) Mumbai, Maharashtra, India |
| Jeneng liya | Lolo |
| Pakaryan | Aktris |
| Taun aktif | 1991−saiki |
| Garwa | Sanjay Kapur (2003−saiki) |
Karisma Kapoor (करिश्मा कपूर, 25 Juni 1974 (umur 38)).[1] Dhèwèké undangan akrabé Lolo. Dhèwèké iku aktris Bollywood kang lair ing Mumbai, Maharashtra, India,[1] saka pasangan Randhir Kapoor lan Babita. [1] Dhèwèké kuwi putu aktor lan sutradara India kang jenengé Raj Kapoor lan saduluran karo aktris kang jenengé Kareena Kapoor.[1]
Ning kauripan asmarané, dhèwèké sempet dilamar karo Abhishek Baachchan.[1] Lamaran kasebut diumumaké ing sasi 2002 bebarengan karo ulang taun kaping 60 bapaké Abhishek, Amitabh Bachchan.[1] Ananging, patang sasi sawisé kuwi, ing sasi Februari 2003, hubungané pedhot.[1] Ing tanggal 29 September 2003, Karisma palakrama karo aktor kang jenengé Sanjay Kapur, CEO saka Sixt India.[1] Saka bebrayanan kasebut, dhèwèké diwènèhi anak loro.[1] Anak kang kaping pisan lair ing tanggal 11 Maret 2005 dijenengi Samaira.[1] Anaké kang kaping loroné dijenengi Kiaan Raj, kang lair ing tanggal 12 Maret 2010.[1]
Karir [sunting]
Karisma mbintangi film pisanané kang judhulé "Prem Qaidi" ing taun 1991.[1] Ing taun 1992, dhèwèké mbintangi film kang judhulé Jigar, sawisé kuwi dhèwèké mbintangi film Anari.[1] Dhèwèké aktif akting nganti taun 1996.[1] Ing taun 1998, dhèwèké mutusaké kanggo mandhek sadhéla saka donya akting.[1] Dhèwèké bali manèh ing donya akting ing taun 1999, mbintangi film komèdhi garapan sutradara David Dhawan kang bisa suksès, judhulé Biwi No.1 bebarengan karo Salman Khan dadi lawan mainé.[1]
Ing taun 2000, dhèwèké menangaké bebungah Filmfare Best Actress Award kaping loroné amarga perané ing film kang judhulé "Fiza" disutradarai déning Khalid Mohammed.[1] Pananmpilané taun 2002 ing film kang judhulé "Shakti – The Power" anggawé dhèwèké olèh bebungah kategori Best Actress.[1]
Ing sasi Oktober 2008, dhèwèké bebarengan karo aktor Arjun Rampal lan sutradara Farah Khan nggelar pertunjukan tari Nach Baliye 4.[1] Ing taun 2011, Karisma Kapoor mainaké peran ing film horror 3D garapané Vikram Bhatt kang judhulé "Dangerous Ishq".[2]
Filmography [sunting]
Film[1]:
- 1991 Prem Qaidi
- 1992 Police Officer
- 1993 Anari
- 1994 Prem Shakti
- 2003 Baaz: A Bird in Danger
- 2006 Mere Jeevan Saathi
- 2007 Om Shanti Om
- 2010 Zamaanat