Karajan Medhang

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Karajan Medang)
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Titik abang pusat karajan Medang

Krajan Medhang iki terusané saka karajan Mataram Kuna sing pindah ing Jawa Wetan. Umumé para ahli sajarah isih nyebut kanthi "Mataram Kuna jaman Jawa Wétan" utawa "Mataram Kuna jaman Tawlang-Kahuripan" Karajan iki dipréntah déning wangsa Isyana sing dibangun déning Mpu Sindhok taun 929 M. Kutharaja karajan anyar iki ing Watugaluh yaiku laladan ing pinggir kali Brantas kira-kira ing Kabupaten Jombang saiki.

Bab lan Paragraf

Sebutan Medhang [sunting]

Miturut Slamet Muljana, sebutan Medhang iku sebutan kang uga wis digunakaké ing jaman Mataram Kuna. Slamet nduwé panemu, krajan sing dipandhégani déning Sanjaya iku jenengé Krajan Medhang. Déné, sebutan "Mataram" iku jeneng kutharaja. Mataram iku jeneng panggonan sing didadèkaké kutharaja jaman Rakai Pikatan.

Wangsa Isyana [sunting]

Ing jaman awal krajan iki madeg, Mpu Sindhok dadi pimpinan sisa-sisa prajurit Mataram kuna kanggo nahan gempuran saka karajan Sriwijaya. Ing prayudan iki, Mpu Sindhok disengkuyung déning para kawula, mulané ing taun 937 M, Mpu Sindhok gawé prasasti Jaya Stamba (kadhang diarani prasasti Anjuk Ladang) kanggo ngucapke pambanggyo kanggo rakyaté uga mbangun candhi Lor kanggo mèngeti ungguling prayudan.

Kanggo mlakokaké pamaréntahan, Mpu Sindhok diréwangi garwa-garwa, yaiku Rakryan Sri Parameswari Sri Wardhani Pu Kbi lan Rakryan Mangibil, iki kecathet ing prasasti Bakalan sing digawé taun 934 M. Kanggo ngatur wewenang pejabat-pejabat karajan uga diatur dening Mpu Sindhok lan iki katulis ing prasasti Turyyan ing taun 929 M.

Karya Sastra [sunting]

Karya sastra sing ditulis ing jaman iki antarané:

Panguwasa karajan Medhang [sunting]

Karajan Medhang ambruk [sunting]

Ing taun 1006, karajan iki diserang karajan Sriwijaya, istana Watugaluh ambruk lan raja Dharmawangsa séda. Kaluwarga kraton sing slamet antarané ponakan Dharmawangsa yaiku Airlangga (putra Mahéndradatta utawa putu Sri Makutawangsawardhana).

Taun 1019 M, Airlangga ngedegaké karajan anyar yaiku karajan Kahuripan.



Karajan Mataram Kuna > Karajan Medhang > Karajan Kahuripan


 
Krajan ing Jawa

0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan
600-1500 (Hindu-Buddha): Mataram Kuna, Medhang, Kahuripan, Janggala, Pangjalu, Singhasari, Majapahit, Pajajaran, Blambangan
1500-saiki (Islam): Demak, Pajang, Banten, Cirebon, Sumedang Larang, Mataram Enggal, Yogyakarta, Surakarta, Mangkunagaran, Pakualaman

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Karajan_Medhang&oldid=734805"