Karésidhènan Kedhu
Karésidhènan Kedhu (uga ditulis Kedu, Keḍoe, Kedoe utawa Kedoo) iku sawijining unit administrasi sing tau ana ing Jawa Tengah nalika jaman panjajahan Hindia-Walanda lan sawetara taun sawisé. Saiki iki, Karésidhènan Kedhu wis dibusak, nanging isih dienggo kanggo ngréwangi administrasi pamaréntahan provinsi, mawa sebutan Daerah Pembantu Gubernur Wilayah Kedu.
Tlatah wewengkon Kedhu iku kabangun saka:
- Kabupatèn lan Kutha Magelang
- Kabupatèn Temanggung
- Kabupatèn Purwareja
- Kabupatèn Wanasaba
- Kabupatèn Kebumèn
Karésidhènan Kedu sisih kulon khususe kabupaten Kebumen melu basa Banyumasan. Kabupaten Kebumen dhewe ora kabeh daerah nganggo basa banyumasan. Daerah Kebumen sing nanggo basa banyumasan kayata Kecamatan Gombong, Kecamatan Karanganyar, Kecamatan Pejagoan, Kecamatan Buayan, Kecamatan Ayah, Kecamatan Adimulyo, Kecamatan Karanggayam lan sekitare nganti tekan kutha Kebumen. Saking Kebumen ngetan, wis nganggo basa wetanan (Yogyakarta).