Kapuloan Andaman lan Nikobar
Kapuloan Andaman lan Nikobar (Inggris: Andaman and Nicobar Islands, dipuncekak A & N Islands utawi ANI) satunggalipun Wewengkon Persatuan ing India.[1] Kepuloan Andaman lan Nikobar dumunung ing Samodra Hindia, kapuloan menika kapèrang saking kalih klompok ingkang utami Kapuloan Andaman lan Kapuloan Nikobar.[1] Kalih klompok menika dipunpisahaken déning 10° LU paralel, kapuloan Andaman membentang dhateng ngétan garis bujur menika, lan kapuloan Nikobar dhateng ngidul.[1] Punjeripun (pusat) teritori menika inggih menika ing Kutha Port Blair ingkang wonten ing Andaman.[1] Adhedhasar sénsus pungkasan ing wonten taun 2001, Wewengkon persatuan menika nggadhahi 356.152 jiwa padunung.[2] Jembaripun wewengkon dharatan Kapuloan Andaman lan Nikobar kinten-kinten sawetawis 8.249 km².[1]
Bab lan Paragraf |
Etimologi[sunting]
Nama Andaman asalipun saking tembung Hanuman, ingkang kalebet tembung basa Malayalam kanggé dewa Hindu, Hanuman.[3] Nama Nikobar inggih menika tembung ing basa Malayam ingkang tegesipun 'sitinipun tiyang'.[1]
Sajarah[sunting]
Padunung ingkang sepisanan[sunting]
Kapuloan Andaman lan Nikobar sampun dipunanggé sampun maéwon-éwon taun.[4] Bukti arkeologi nedhahaken bilih nalika abad kaping 2 SM kapuloan menika sampun wonten padunungipun[4], ananging, indikasi saking isolasi genetik, budaya lan basa dhateng padunungipun nedhahaken bilih sampun wonten padunung wiwit 30.000 - 60.000 taun kepengker, nalika wekdal Paleolitik Pratengahan.[4]
Pranala njawi[sunting]
Pirsani pandhuan wisata Kapuloan Andaman lan Nikobar ing Wikivoyage
Cathetan Suku[sunting]
- ^ a b c d e f (en)Andaman and Nicobar Islands dipunundhuh tanggal 5 September 2011)
- ^ (en)[http://www.censusindia.gov.in/Census_Data_2001/Census_Data_Online/Population/Total_Population.aspx Total Population] dipunundhuh tanggal 5 September 2011)
- ^ (en)[http://www.hinduonnet.com/thehindu/features/andaman/stories/2004081500260300.htm The islands of good fortune ] dipunundhuh tanggal 5 September 2011)
- ^ a b c About andaman and nicobar islands