Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Kapulaga, ing basa latin jenenge Amamun campactum soland, yaiku salah sawijining rempah kanggo bumbu pawon. [1] Rempah iki rasane rada pait, nanging bisa menehi rasa anget ing awak. [1] Kapulaga uga bisa kanggo obat. [1] Kapulaga nduweni ambu sedhep mula wong Inggris njenengake kapulaga minangka grains of paradise. [1] Ambu sedhep iki asale saka kandungan minyak atsiri. [1] Minyak atsiri nduweni lima zat utama, yaitu:
- borneol , ambune kaya kamper, [1]
- alfa-terpinilasetat sing wangine kaya ambune jeruk pettigrain, [1]
- limonen sing wangine kaya ambune jeruk keprok , [1]
- alfa terpinen sing wangine kaya ambune jeruk sitrun, [1]
- cineol sing sedhep rada pedheslan anget kaya minyak kayu putih. [1]
[sunting] Penyakit sing bisa diobati nganggo Kapulaga
- Kejang weteng, rematik: kabeh perangan ing tanduran iki, kalebu oyode, digodhog kurang luwih seprapat jam, banjur disaring, lan diombe. [1]
- Demam: wit kapulaga digodhog kurang luwih seprapat jam, banjur disaring, lan diombe. [1]
- Batuk: who kapulaga dipamah. [1]
- supaya ora mual : who kapulaga digodhog lan dipangan. [1]
- weteng kembung: 5 woh kapulaga dikumbah, 5 iris jahe dikumbah dhisik sadurunge diiris-iris.[2] Godhog nganggo banyu segelas, nganti sisa banyu setengahe.[2]Sawise adhem banjur diombe, sedina sepisan.[2]
[sunting] Cathetan Suku
[sunting] Pranala luar