Kanker Kulit

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Kanker kulit

Kanker kulit yaiku thukulé sèl-sèl ing kulit ing taraf abnormal.[1] Penyebab kanker kulit béda-béda lan tingkat ganasé kanker uga béda-béda.[1] Kanker kulit paling umum nyerang ing sèl skuamosa, basal lan melanosit. [1]Kanker kulit biyasané thukul ing lapisam kulit kang paling njaba yaiku epidermis, saéngga tumor (benjolan) bisa dideleng saka njaba.[1] Kanker kulit kalebu kanker kang gampang ditemokaké gejalané ing stadium awal.[1] Kanker kulit uga kalebu kanker kang nduwèni resiko kematian paling sithik tinimbang kanker liyané.[1] Iki amarga kulit arang kang nganti tekan organ-organ vital kayata jantung, paru-paru, ginjel lan batang otak ing manungsa.[1] Kanker kulit bisa nyebabaké cacat kulit lan ngrusak penampilan lan nalika ing stadium lanjut bisa mbebayani tumprap wong kang kena kanker kulit. [1] Ada telu jinis kanker kulit kang umumé nyerang manungsa yaiku karsinoma sel basal (KSB), karsinoma sel skuamosa (KSS) lan melanoma maligna (MM).[1]

[sunting] Obat

Para èlmuwan kang dipimpin Prof. Chris Shaw saka Queen’s School of Pharmacy, Inggris bisa ngidhèntifikasi loro protein kodhok kang kena kanggo obat kanker kulit.[2] Loro protein kodok waxy monkey iki bisa ngalonaké thukulé pembuluh darah lan mateni tumor kanker.[2] Tim peneliti uga nemokaké yèn kodhok fire-bellied bisa mrodhuksi protein kang bisa menstimulasi thukulé pembuluh darah.[2] Jinis protein iki malah bisa nambani lan mbiyantu pasien mari saka tatu kanthi wektu kang luwih cepet. [2]


[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i (id)infopenyakit.com(dipunundhuh tanggal 20 Agustus 2011)
  2. a b c d (id)health.kompas.com(dipunundhuh tanggal 20 Agustus 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kanker_Kulit&oldid=646713"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès