Kangen Band (Grup Musik)

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Kangen Band (Grup Musik)
Kangen.jpg
Kangen Band bersama backing vocal-nya Eren (tengah, memakai jilbab)
Latar mburi
Lair 6 Juni 2005
Flag of Indonésia Bandar Lampung, Indonesia
Jinis Musik Pop
Taun aktif 2006—saiki
Parusahan rekaman Warner Music Indonesia
Anggota
Doddy
Andika
Tama
Iim
Bebe
Izzy

Kangen Band, grup band saka Lampung kang lair ning taun 2005.[1] Kangen Band kuwi grup band pendatang anyaran kang dibentuk ning Lampung. [1] Meski diomong dadi band anyaran, grup musik kang dianggotani dening Dodhy, Andika, Tama, Lim, Nory, lan Barry iku olilh sambutan kang apik saka masarakat.[1]

Album perdana saka grup musik iki kayata, TENTANG AKU, KAU DAN DIA taun 2007. [1] Ning album kuwi ana tetembangan kang judulé[1] :

  • Tentang Bintang,
  • Tentang Aku Kau dan Dia,
  • Jika,
  • Selingkuh,
  • Karma,
  • Penantian Yang Tertunda,
  • Bidadariku Surgaku,
  • Adakah Jawabnya,
  • Petualang Cinta lan
  • Menunggu.

Tetembangan kang populer saka grup musik iki kuwi tetembangan kang judulé Tentang Bintang lan Selingkuh. [1] Tetembangan kuwi dadi kondhang ning masarakat. [1] Kaloron tembangan mau uga dadi tetembangan kang populer dadi nada sela lan RBT (Ring Back Tone). [1] Ora namung kuwi, ning ajang SCTV Award, Kangen Band uga tau mlebu dadi Grup Band Terfavorit.[1]


Setaun sawisé kuwi, yaiku taun 2008 kangen band langsung ngrilis 2 album sakaligus. [1] YANG SEMPURNA, kang dadi repackage saka album perdanané, lan album BINTANG 14 HARI, kang ngandalaké tembangan kang judulé Doy, Bintang 14 Hari, lan Yolanda.[1]


Akir-akir iki, kisah perjalanan karir saka grup band iki diawali saka pedagang kaki lima kang diangkat dadi sinetron, kang judulé AKU MEMANG KAMPUNGAN (2007). [1] Debut dolanan sinetron dilajutaké nganti judul AKU MEMANG JELEK lan KASIHANILAH AKU.[1]


Nalika tanggal 6 Mei 2009, Kangen Band ngrilis album kang kaping teluné , labum kuwi diwenehi judul PUJAAN HATI, tetembangan kang dadi jagoané judulé Terbang Bersamaku lan Pujaan Hati. [1] Ora namung kuwi, Kangen band uga ngrilis album kang versi karaoke.[1]


Saka musik lan sinetron, Kangen Band saiki nyoba main ning layar lebar, karo ngelibataké Noe Letto, ning njeroning film kang diproduseri.[1] MINGGU PAGI DI VICTORIA, Film iki disutradarai dening Lola Amaria.[1]


Kasus narkoba tau njaret vokalis saka grup band iki, Andika nganti mlebu penjara sadurungé jeneng saka band iki kondhang. [1] Ning tanggal 16 Desember 2010, Andhika divonis salah amarga kasus panganiayaan ringan, lan dihukum patang wulan penjara , wolung wulan masa percobaan.[1] Taun 2011, grup band iki kejaret masalah babagan narkoba.[2] Test urin kang dilakoni dening Andika kabukti positif.[2] Taun 2011, grup band iki kejaret masalah babagan narkoba.[2] Test urin kang dilakoni dening Andika kabukti positif.[2]


[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s (id)biografi Kangen Band dipununduh tanggal 2 Juli 2011
  2. a b c d (id)Test Urin Andika Positif dipununduh tanggal 2 Juli 2011
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès