Kamidia Radisti

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kamidia Radisti
Lair 23 Februari 1984 (umur 29)
Flag of Indonesia.svg Surabaya, Indonesia
Taun aktif 2007 - saiki

Kamidia Radisti (lair ing Surabaya, Jawa Wétan, 23 Februari 1984; umur 29 taun). [1]Kamidia Radisti iku Miss Indonesia 2007 kang dadi wakil saka Provinsi Jawa Kulon.[1] Kamidia Radisti wis berhasil ngalahake 32 finalis liyané saka dhaérah-dhaérah ing Indonésia.[2]

Kamidia Radisti iku mantan atlet renang.[1] Iki kang ndadekaké para juri yakin yen Kamidia Radisti bisa mlebu ing ajang Miss World 2007 kang dianakake ing Sanya, RRC.[1] Kamidia Radisti bisa mlebu ing 20 besar kompetisi fast track Miss World Sport, 15 besar Miss World Talent, lan 5 besar Miss World Beauty With a Purpose.[1] Sawisé masa tugas dadi Miss Indonesia 2007 wis enték, Kamidia Radisti utawa kang biyasane diundang Disti njajal akting ing donyaning entertainment.[1] Kamidia Radisti banjur akting ing layar lebar.[1] Film kangs sepisanan kang dibintangi Kamidia Radisti yaiku film kang judhulé The Shaman nalik taun 2008.[1] Film kang nduwe genre horor iki Disti akting karo Oka Antara.[1] Saka film iki, Kamidia Radisti wiwit entuk peran kang penting.[1] Kayata film kang nomer loro kang uga nduwéni genre horor kang judhulé Hantu Biang Kerok,ing film iki Kamidia Radisti éntuk peran misterius dadi tokoh Ocha.[1] Film iki digawé nalika tanggal 19 Februari 2009.[1]

Cathetan suku [sunting]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l (id)selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 31 Juli 2011)
  2. ^ (id)gosip-gosip.com(dipunundhuh tanggal 31 Juli 2011)


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kamidia_Radisti&oldid=831813"