Kali Tigris
| Tigris | |
|---|---|
| Peta Tigris-Euphrates | |
| Asal (kali) | Turki wétan |
| Muara | Arvand Rud |
| Negara-negara Dhaérah Ilèn | Turki, Irak, Suriah lan Iran |
| Dawa | 1,900 km (1,150 mi) |
Kali Tigris (basa Persia Kuna: Tigr, basa Asiria Aram: Deqlath, basa Arab: دجلة, Dijla, basa Turki: Dicle; jroning Alkitab disebut Hiddekel) kuwi sawijining kali ing Mesopotamia kang mili saka pagunungan Anatolia ing Turki nganti Irak, dawané udakara 1.900 km.
Bab lan Paragraf |
Etimologi [sunting]
Jeneng asli ing basa Sumerian kuwi Idigna utawa Idigina, mbokmanawa saka *id (i)gina "banyu mili",[1] kang bisa ditafsiraké dadi "kali kang mili cepet", kosokbalèn karo kali ing sacedhaké, Kali Efrat, kang mili alon-alon amarga ngandhut luwih akèh lumpur lan endhapan tinimbang Tigris. Tembung iki disilih saka basa Akkadian Idiqlat. Apa liwat serapan ing basa Persia utawa langsung saka basa Akkadian, tembung iki diadhopsi déning basa Yunani dadi Tigris (kang tegesé "macan"). Ing kitab Injil Hebrew, kali iki diarani חִדֶּ֫קֶל (Ḥiddẹqel, KJV Hiddekel)
Ing basa Turki, diş tegesé untu lan uga nuduhaké kahanan "landhep". Basa Pahlavi tigr maknané "panah", ing kulawarga basa kang padha kayadéné Persia Kuna tigra- "lancip" (bandhingaké tigra-xauda), basa Persia modern têz "landhep". Senajan mangkono, bab iki ora nuduhaké yèn kabèh mau jeneng asli saka kali iki, nanging (kaya wangun ing basa Semitic jeneng mau) dowahi dadi tiron saka jeneng asli ing basa Sumeria. Bab iki mèmper karo jeneng saka basa Persia Kali Efrat, Ufratu, kang ora duwé makna ing basa Persia, nanging isih dianggep saka jeneng basa Sumeria, Purattu.
Jeneng liya kali Tigris, dipigunakaké mataun-taun déning Kakaisaran Persia, yakuwi Arvand Rud, tegesé Kali Arvand. Saiki jeneng Kali Arvand mau dadi jeneng basa Persia kanggo patemon antara Kali Efrat lan Tigris, kang ing basa Arab diarani Shatt al-Arab.
Jeneng Kali Tigris jroning basa kang wigati tumrap tlatah iki:
| Basa | Jeneng kanggo Tigris |
|---|---|
| Akkadian | Idiqlat |
| Arab | دجلة, Diğlä |
| Armenia | Տիգրիս, Tigris |
| Yunani | ἡ Τίγρης, -ητος, hē Tígrēs, -ētos;
ἡ, ὁ Τίγρις, -ιδος, hē, ho Tígris, -idos |
| Hebrew | חידקל , Ḥîddeqel |
| Hurrian | Aranzah[2] |
| Kurdi | Dîcle |
| Persia | Old Persian:Tigrā; Middle Persian:Tigr; Modern Persian:دجله Dijle |
| Sumeria | Idigna/Idigina |
| Suriah | ܕܩܠܬ Deqlaṯ |
| Turki | Dicle |
Delengen uga [sunting]
Referensi Alkitab Injil [sunting]
Jroning kitab Genesis, Kali Tigris kuwi sawijining kali saka papat kang ana ing swarga. Nabi Daniel dikabaraké tau nampa vision(wahyu?/penampakan?), ing pinggir Kali Tigris.
Referensi [sunting]
- ^ F. Delitzsch, Sumerisches Glossar, Leipzig (1914), IV, 6, 21.
- ^ E. Laroche, Glossaire de la langue Hourrite, Paris (1980), p. 55.