Kali Mindanao

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Kali Mindanao, uga diarani Rio Grande de Mindanao, kuwi sawijining kali kang paling gedhé ing Pulo Mindanao, Filipina bagéan kidul. Dawané watara 320 km (200 mil), kali iki ngilèkaké banyu saka mayoritas tlatah pulo bagéan wétan, lan minangka urat nadhi transportasi kang wigati.

Sumber banyu asalé saka gunung-gunung ing lor-wétan Mindanao ing kidulé Butuan, ing tlatah mau kali iki dijenengaké Kali Pulangi. Sawisé gabung karo Kali Kabacan, Kali Pulangi mau dadi Kali Mindanao. Saka tlatah pagunungan, kali iki mili ing pusaté dhataran subur ing pérangan kidul-tengah pulo. Sadurungé tekan muara ing Teluk Moro, kali iki pecah dadi loro kang sajajar, yakuwi Cotabato lan Tamentaka, kapisahaké déning bukit kang ambané 180 m.

Pusat pedunung ing dhaéran ilèn kali antara liya Kutha Cotabato, Datu Piang, lan Midsayap.

[sunting] Delengen uga


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kali_Mindanao&oldid=419460"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès