Kali Mahakam

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Lokasi Kali Mahakam
Kreteg Mahakam

Kali Mahakam kuwi minangka kali kang paling gedhé ing Provinsi Kalimantan Timur kang nduwèni muara ing Selat Makassar. Kali kanthi ukuran dawa watara 920 km iki ngliwati wewengkon Kabupaten Kutai Barat ing sisih hulu, nganti Kabupaten Kutai Kartanegara lan Kutha Samarinda ing bagéan hilir.

Kali Mahakam wiwit jaman biyèn nganti saiki nduwé peran wigati kanggo masyarakat ing saubengé minangka sumber banyu, papan kanggo misaya iwak lan minangka prasarana transportasi.

Bab lan Paragraf

[sunting] Anak kali

Aktivitas ing Kali Mahakam kang isih dadi prasarana transportasi utama ing Kalimantan Timur

Sungai Mahakam nduwé sawetara anak kali, yakuwi:

  • Kali Belayan
  • Kali Lawa
  • Kali Kedang Kepala
  • Kali Telen
  • Kali Tenggarong

[sunting] Fauna

Ing kali Mahakam iki misuwur anané sato kéwan langka yakuwi Pesut Mahakam. Ora kaya mamalia banyu liyané yakuwi lumba-lumba lan iwak paus kang urip ing segara, pesut (Orcaella brevirostris) kuwi urip ing kali-kali dhaérah tropis. Populasi satwa langka kang dilindungi déning Undhang-Undhang iki mung ana ing telu lokasi ing donya yakuwi Kali Mahakam, Kali Mekong, lan Kali Irawady.[1]. Uga akèh tinemu jinis-jinis manuk kang urip ing tlatah rawa saubengé kali iki antara liya: Chlidonias hybridus lan Sterna albifrons (kaloroné sajinis manuk camar), bango (heron) lan manuk bango thonthong migran saka Pulo Jawa, Leptoptilus javanicus.[2].

[sunting] Delengen uga

[sunting] Pranala njaba

[sunting] Referensi

  1. Kutai Kartanegara.com, Sekilas Tentang Pesut Mahakam. (Diakses 2 Feb 2007)
  2. Bird Life International, Lahan Basah Mahakam Tengah
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Kali_Mahakam"