Kali Kapuas

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
The Kapuas River

Kali Kapuas kuwi sawijining kali ing Kalimantan Kulon, Indonesia. Dawané watara 1,143 km, kali iki minangka kali kang dawa dhéwé ing Indonesia, lan minangka kali utama ing laladan kulon Kalimantan. Kali iki uga minangka kali kang dawa dhéwé ing sawijining pulo.

Kali iki sumberé saka gunung-gnung Kapuas Hulu cedhak tapel wates karo Sarawak, Malaysia, lan mili mangulon. Kali iki tumuju menyang Segara Cina Kidul watara 20 km kidulé kutha Pontianak. Mèh sadawaning kali kena dilayari, mula kali iki minangka sarana transportasi wigati ing Kalimantan Kulon. Kali iki dipigunakaké kanggo ngangkut kayu saka pedhalaman pulo, lan kanggo aksès menyang pamukiman sadawaning kali. Kali iki duwé siji kreteg, yakuwi cedhak Sanggau kira-kira 400 kilometer saka muarané.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kali_Kapuas&oldid=655358"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès