Kali Éfrat
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Kali Eufrat)
Kali Eufrat ing Irak.
Kali Éfrat utawa Furat (Inggris: Euphrates, Arab: نهر الفرات) iku salah siji kali sing ana ing Mesopotamia (sijiné manèh Kali Tigris) sing mili saka Anatolia. Kali iki dawané watara 2,781 kilometer (1,730 mil).