Kali Cikapundung
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Kali Cikapundung kuwi lepen kang mbelah kutha Bandung, wiwit saka kawasan sisih lor parané mangidul lang nyawiji karo Kali Citarum banjur tumuju muara ing Ujung Karawang. Kali iki wiwitané saka loré Kutha Bandung yakuwi ing laladan Lembang kang banyuné asal saka grojogan Ciomas. Sadawaning kali Cikapundung kayadéné ing kutha-kutha gedhé liyané ing Indonesia tansah dipadheti déning pamukiman, perdagangan lan liya-liyané kang padha manfaataké fungsi banyu saka kali\lepen kasebut. Wiwit taun 1906 kali Cikapundung wis dipigunakaké kanggo sumber tenaga listrik [1], senajan dayané wektu kuwi mung 800 KW.