Kali Angara
| Kali Angara | |
|---|---|
| Asal (kali) | Tlaga Baikal |
| Muara | Kali Yenisei |
| Negara-negara Dhaérah Ilèn | Rusia, Mongolia |
| Dawa | 1,779 km (1,105 mi) |
| Elevasi Sumber | 456 m |
| Rata-rata ili banyu | 120 km³/year |
Kali Angara (Basa Rusia:Ангара) kuwi sawijining kali sing dawané 1779 km (1105 mil) dumunung ing Irkutsk Oblast lan Krasnoyarsk Krai, Siberia kidul-wétan, Rusia. Kali iki mung siji-sijiné mili metu saka Tlaga Baikal, lan minangka sumber saka Kali Yenisei.[1]
Listrik tenaga banyu [sunting]
Kali iki duwé kapasitas gedhé kanggo listrik tenaga banyu lan salah siji saka sumber tenaga listrik paling gedhé ing donya. Ana dhèrètan papat wadhuk pembangkit listrik tenaga banyu ing kali iki, yakuwi: Irkutskaya, Bratskaya, Ust-Ilimskaya, lan Boguchanskaya (konstruksi sing pungkasan iki isih durung rampung).
Pembangkit listrik Bratskaya minangka kang paling gedhé dhéw ing donya (4,500 MW), lan wadhuké (Bratsk Reservoir) kang dhuwuré 160 meter, minangka tlaga gawéyan kang paling gedhé ing donya. Pembangkit listrik Irkutskaya duwèni tenaga 660 MW.[2]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ "Angara River". Encyclopedia Britannica Online. http://www.britannica.com/eb/article-9007537/Angara-River. Retrieved 2006-10-26.
- ^ "Kodar". http://www.lkirchner.de/kodar/kodar.html. Retrieved 2006-10-26.