Kakuwasan pulitik
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Kakuwasan pulitik (basa Latin:imperium) kuwi sawijining tipe kakuwatan kang diduwèni déning sawenèh wong utawa klompok masyarakat. Ana werna-werna cara kanggo nggayuh kakuwasan mau. Resminé, kakuwasan pulitik digegem déning sing duwé kadhaulatan. Kakuwasan pulitik ora mung diduwèni déning kepala negara. Èlmuwan pulitik sering migunakaké dhefinisi yèn kakuwasan pulitik kuwi "kamampuan kanggo ngowahi prilaku wong liya", nganggo utawa ora nganggo panulakan.
Kanggo kaperluan analisis, I.C. MacMillan[1] misahaké konsèp kakuwasan
Power is the capacity to restructure actual situations.
—I.C. Macmillan
lan pengaruh
Influence is the capacity to control and modify the perceptions of others.
—I.C. Macmillan
[sunting] Pamisahan kakuwasan
Charles de Secondat, baron de Montesquieu mratélakaké yèn tanpa nuruti prinsip kanggo ngrengkuh (containing) lan kaseimbangan kakuwasan legislatif, eksekutif lan yudikatif, ora bakal ana kabébasan lan protèksi marang penyalahgunaan kakuwasan. Pamisahan kakuwasan kudu ana ing tataran saéngga saben cawang bisa ngayahi tugasé tanpa kakèhan pambatasan (limitation) saka cawang liyané; nanging gantung-gumantung ing antarané para cawang kakuwasan mau uga kudu ing tataran saéngga salah siji cawang ora bisa nglirwakaké (rule out) kaputusan cawang liyané. Iki minangka prinsip wigati bab pamisahan kakuwasan.
[sunting] Referensi
- ↑ I.C. MacMillan (1978) Strategy Formulation: political concepts, St Paul, MN, West Publishing;
| Artikel prakawis pulitik puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |

