Kakawin Arjunawiwāha

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Relièf Arjuna lan Bathara Siwa ing candhi Surawana (Surowono), Jawa Wétan (Jawa Timur).

Kakawin Arjunawiwāha (aksara Bali: Kakawin Arjunawiwaha-aksara Bali.png, Jawa Kakawin Arjunawiwaha-aksara Jawa.png) iku kakawin kapisan sing asalé saka Jawa Wétan (Jawa Timur). Karya sastra iki ditulis déning mpu Kanwa nalika masa jumenengé Prabu Airlangga, sing jumeneng ing Jawa Wétan saka taun 1019 nganti taun 1042 Masèhi.

Para pakar sastra Jawa nganggep yèn serat Arjunawiwaha iku adhedhasar Wanaparwa, kitab kaping telu Mahābharata.

Ing jaman saiki karo wong Jawa kakawin iki sakala-kala diarani Serat Mintaraga utawa Serat Wiwaha Kawi.

Ringkesan Carita[sunting | sunting sumber]

Rong lempir lontar Arjunawiwaha

Sedaya puji tumrap panjenengané ingkang wicaksana (paramārtha-paņḍita). Niwātakawaca, satungaling rasaksa (ditya) siyap-siyap badhé nyerang lan ngancuraké suwarga, Kerajaan Indra. Raksasa mau sekti mandraguna lan ora bisa dikalahaké déning Déwa lan raksasa, mangka Indra milih kanggo nyuwun pitulung tumrap manungsa. Boten angél lan dangu ingkang dipunpilih inggih punika Arjuna ingkang saweg tapa brata ing Gunung Indrakīla , ananging kedah dipuncoba ketabahanipun anggéné yoga, sebab prakara iki bisa dadi jaminan supados panjenengané temen anggéné nulungi lan dados asil ingkang dipunkersakaké. Wonten widadari cacahé pitu kang ayu sanget praupané sebab dipunciptakaké dening Brahmā migunakaken sekawan rai lan Indra sèwu mata, ing antarané Tilottamā lan Suorabhā. dipunutus kagem nemuni Arjuna lan migunakaken keèlokan praupané kagem ngrayu Arjuna.

Nalika para widadari tumuju ing Gunung Indrakīla katon kaéndahan alaming gunung iku. Ditambah manèh rasa kasmaran para widadari macak lan ngrembukaken kepiyé carané supados ingkang dipuntuju kagayuh. Satekaneng Goa kang diagem dèning Arjuna kanggo semadi, lajeng para widadari maringi ngertos kaéndahan paraupanipun tumrap Arjuna lan migunakaken akal kang bisa digunakaken kagem nggoda Arjuna, ananging sia-sia belaka. Kanthi rasa kuciwa para widadari mbalik ing suwarga. lan ngatur panglipuran tumrap Batara Indra. Ananging iku mau ndadosaken bungah ing manahing para Déwa, sebab iku bisa dadi bukti kasektènaning Arjuna. Namung siji kang dados raguning panjenengané, apa tujuaning Arjuna tapa brata namung kanggo golèk kabahagiyan lan kakuwasaan tumrap Arjuna, saénggo Arjuna ora perduli tumrap kaselamataning wong liya? Kagem madosi kapestèn, Batara Indra nemuni Arjuna kanthi njelma dados tiyang sepuh wicaksana. Panjenengané dipunsambut kanthi saé lan ing dialog kababar babagan kekuwasaan lan kenikmatan kanthi makna kang sejati. Ing sekabèhing wujud, kabahagayaning suwarga, kanikmatan lan kakuwasaan ing donya iku semu lan ilusi;sebab namung sawetara lan ora mutlak, mangka tetep tebih saking kang Maha Mutlak. Sapa wong kang pengin nggayuh kasempurnaan lan pelepasan terakhir, kudu ngléwati donya ujud lan wewayangan kang nyesataken, sampun ngantos kabendung. Niki wau ingkang dipunjlentrekahen dening Arjuna. Panjenengané negesaké, dèné tapa bratané hanamung ngalampahi kawajiban kșatriya sarta mbiyantu kangmasipun, Yudhișțhira kagem mundhut malih kerajaan lan kesejahteraan donya. Batara Indra remen sanget, lan maringi ngertos sinten sejatiné panjenengané lan ngramalaken, déné Bathara Śiwa bahdé pepanggihan kaliya Arjuna, lajeng panjenengané kondur. Arjuna nerasaken anggèné tapa-brata.

Raja para Raksasa sampun ngertos babagan perkawis kang kedadéyan ing Gunung Indrakīla. Panjenenganè ngutus satunggaling raksasa, Mūka kagem matèni Arjuna. Awujud celeng alas rasaksa mau ngrusak alas. Arjuna kagèt, nyiyapaken pusakaning lan medal saking gowa. Nalika samanten, Bathara Śiwa sampun mireng déné Arjuna ngalampahi tapa-brata kanthi saé. Dugi arupi pemburu saking wong kaasing, yaiku wong Kirāṫa. Antarané Arjuna lan jalmaning Bathara Śiwa ngésotaké panah bebarengan, lan cèlèng mau mati. Jebulé panah loro mau iku nyawiji, lan nybabaken Arjuna lan jalmaning Bathara Śiwa tandhing sapa kang bisa nuntut kéwan mau. Ora namung tandhing nanging ditambahi padu kang gawé hawané sansaya panas. Sakabehing panah-panah Bathara Śiwa disotké kekuwatané lan akhiré ajur. Panjenengané padha dados tandhing awak. Nalika Arjuna arep kalah, panjenengané nyekeli sukuning lawané nanging Bathara Śiwa mbalik saka jalmaning. Lan njalma awujud ardhanarīśwara (separo lanang, separo wadon) ing dhuwuring sekar padma. Lajeng Arjuna muja panjennegané kanthi sekabehing wujud kang mujud ing kabèh banda. Bathara Śiwa maringi hadiah marang Arjuna sawijining panah sakti mandraguna kang aran panah Paśupati. Sarta cara migunakaken panah mau. Lajeng panjenengané ngilang.

Nalika Arjuna bingung milih antarané balik apa tetep tapa-brata, ana rong apsara (makhluk separo déwa separo manungsa) teka gawa layang saking Bathara Indra:panjenengané nyuwun supados Arjuna madep, mbiyantu para Déwa ing rencana kanggo matèni Niwātakawaca. Arjuna ragu, sebab ndadosaken langkung suwé anggèné panjenengané pisah kaliyan kulawarga lan sedèrèkipun, nanging panjenengané sarujuk. Panjenengané migunakaken rasukan lan sandhal ingkang dipunaturaken dening aspara, lajeng minggah tumuju ing swarga, dalemipun Bathara Indra. Swarga dados ramé, para widodari seneng. Bathara Indra njlentrehaken kahanan ingkang boten sae tumrap para Dewa sebab gawèané Niwātakawaca. Patineng rasaksa mau namung bisa kedaden dening setunggaling tiyang.

Manggala[sunting | sunting sumber]

Kakawin Arjunawiwaha nduwé sawijining manggala. Ing ngisor iki manggala-né karo jarwané disajèkaké:

Manggala Jarwa
1. Ambek sang paramārthapaṇḍita huwus limpad sakèng śūnyatā, Batin sang wis ngerti Hakikat Paling Dhuwur wis ngatasi kabèh amarga bisa mudheng ing Kasunyatan,
Tan sangkèng wiṣaya prayojñananira lwir sanggrahèng lokika, Dhèwèké ora nanggepi nafsu indriyané, liré kaya nyambut prakara-prakara donya,
Siddhāning yaśawīrya donira sukhāning rāt kininkinira, Yasa kawaniné lan doné sida. Dhèwèké ngusahakaké kasukaning donya.
santoṣâheletan kelir sira sakèng sang hyang Jagatkāraṇa. Tentrem bagya, kaya kaletan kelir saka sang hyang Amurbêng Jagad.
2. Us.n.is.angkwi lebûni pâdukanirâ sang hyang Jagatkâran.a Pahésan sirahku iku bledug ing sampéyan dalem sang hyang Jagatkarana
Manggeh manggalaning miket kawijayan sang Pârtha ring kahyangan Ana ing manggala nalika mangiket kawijayan sang Arjuna ing kahyangan

Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]

Referensi[sunting | sunting sumber]