Kaisar Xianfeng
| Kaisar Xianfeng 咸豐帝 |
|
|---|---|
|
|
|
| Memerintah | 29 Maret 1850 – 16 Juli 1861 (11 taun, 109 dina) |
| Pendahulu | Kaisar Daoguang |
| Pengganti | Kaisar Tongzhi |
| Pasangan | Permaisuri Xiao De Xian Permaisuri Xiao Zhen Xian Permaisuri Xiao Qin Xian |
| Anak | |
| Zaichun, Kaisar Tongzhi Puteri Rongan |
|
| Nama lengkap | |
| Mandarin: Aixin-Jueluo Yizhu 愛新覺羅奕詝 Manchu: Aisin-Gioro I Ju |
|
| Gelar dan jabatan | |
| Kaisar | |
| Nama anumerta | |
| Kaisar Xiétiān Yìyùn Zhízhōng Chuímó Màodé Zhènwǔ Shèngxiào Yuāngōng Duānrén Kuānmǐn Zhuāngjiǎn Xiǎn (協天翊運執中垂謨懋德振武聖孝淵恭端仁寬敏莊儉顯皇帝) |
|
| Nama kuil | |
| Qing Wenzong 清文宗 |
|
| Ayah | Kaisar Daoguang |
| Ibu | Permaisuri Xiao Quan Cheng |
| Lahir | 17 Juli 1831 Kota Terlarang, Beijing |
| Meninggal | 22 Agustus 1861 (umur 30) Resor Gunung Chengde, Chengde |
| Dikubur | Pusara Qing Timur, Zunhua |
Kaisar Xianfeng (Hanzi: 咸丰, 17 Juli 1831-22 Agustus 1861) yaiku kaisar Manchu ka-9 lan kaisar ka-7 saka Dinasti Qing wiwit bangsa minoritas iku nguwasani Tiongkok.[1] Dheweke nguwasani pamrentahan wiwit taun 1850 nganti tekan tauan 1861.[1] Pamrentahane yaiku dadi kemundurane saka bangsa Tiongkok merga ora mampu anggone nghadepi rongrongan bangsa-bangsa asing lan korupsi kang ana ing tingkat pamrentahan.[1] Xianfeng mati kanthi kahanan kang mesake banget yaiku ana ing vila kekaisaran ing Chengde, Hebei sawise minggat saka ibukota nalika ana serangan saka bangsa kulon ing Beijing.[1] Xianfeng lair karo jeneng Aisin Gioro Yizhu (爱新觉罗奕詝) ana ing istana Musim Panas Lama/ Taman Yuanming, 8 km sisih kulon segara tembok kuthta Beijing.[1] Dheweke yaiku putra ka-4 Kaisar Daoguang lan Selir Quan (suku Manchu bermarga Niuhuru).[2] Selir Quan dhewe diangkat dadi permaisuri nalika taun 1834 lan lewih dikenal karo gelar anumerta Permaisuri Xiaoquan Cheng[1]. Yizhu duwe intelektual kang apik lan uga ngluwihi sedulur-sedulure.[1] Sawijining dina nalika bapake arep nguji dheweke lan uga adhine, Yixin, kanggo milih jeneng kang luwih trep kanggo didadike penerus tahta.[1] Yixin njawab kabeh pitakonan kang ngenani babagan kenegaraan kang ditakonake dening bapake kanthi fasih.[1] Sadurunge teka ing bageyane Yizhu, gurune, Du Shoutian kang sadar yen babagan politik, dheweke kalah saka adhine, banjur menehi saran supaya bisa njawab kanthi cukup wae apa kang ditakonke.[1]