Kaisar Taichang
Kaisar Taichang (Hanzi: 泰昌, 1582-1620) yaiku kaisar ka-14 saka Wangsa Ming kang nguwasani tahta taun 1620. Dhèwèké mati kurang saka sepuluh sasi sawisé dhèwèké nyekel tahta.[1][2] Perkara mau ndadèkaké dhèwèké dadi kaisar kang paling cepet anggoné nguwasani tahta saka wangsa Ming.[2]
Dhèwèké lair kanthi jeneng Zhu Changluo (朱常洛), anak mbarep Kaisar Wanli kang lair saka sawijining dhayang istana kang margané Wang kang diangkat dadi selir sawisé nglairaké dhèwèké.[2] Zhu Changluo dudu anak kang ditresnani bapaké kang tau ora ngakoni yèn dhèwèké kuwi katurunanné.[2] Cathetan urip kang ana mbeneraké.[2] Merga sadurungé duwé anak nalika kuwi, ibu suri mbujuk Wanli kanggo mpromosikaké dhayang Wang dadi selir lan bayi kuwi duwé hak kanggo marisi tahta.[2] Wanli banjur miwiti ngalihaké pasawangané marang sawijining selir saka marga Zheng kang ndadèkaké selir Wang lan anaké wiwit ora dipikiraké manèh.[1] Nalika selir Zheng nglahiraké putrané kang diwènèhi jeneng Zhu Changxun, Wanli duwé rencana kanggo mènèhaké gelar putra mahkota Zhu Changluo marang putra nomer loroné iki.[1] Nanging para mentriné ora sarujuk lan tetep nyekel prinsipé yèn putra nomer siji kang kuduné dadi putra mahkota lan marisi tahta.[1] Perdebatan iki ora rampung-rampung nganti tekan taun 1601, akiré Wanli kanthi kabotan banjur netepaké Zhu Changluo dadi pewaris saka tahta kang sah.[1]
Cathetan sikil [sunting]
| Didhisiki déning: Kaisar Wanli |
Kaisar Tiongkok (Wangsa Ming) 1620 |
Diganti déning: Kaisar Tianqi |