Kaisar Shunzhi
| Kaisar Shunzhi | |
|---|---|
|
|
|
| Pamaréntahan | 1 Oktober? 1644 – 7 Januari 1661 (16 taun, 98 dina) |
| Panobatan | 1650 |
| Didhisiki | Huang Taiji |
| Pangganti | Kaisar Kangxi |
| Wali | Dorgon (1643-1650) |
| Isu | |
| Yinti Fuquan Hiowan Yei, Kaisar Kangxi Changning Jishou Longxi Yonggan |
|
| Asma jangkep | |
| Chinese: Aixin-Jueluo Fulin 愛新覺羅福臨 Manchu: Aisin-Gioro Fulin ᠠᡳᠰᡳᠨ ᡤᡳᠣᡵᠣ ᡶᡠᠯᡳᠨ |
|
| Asma anugerah | |
| Kaisar Titian Longyun Dingtong Jianji Yingrui Qinwen Xianwu Dade Honggong Zhiren Chunxiao Zhang 體天隆運定統建極英睿欽文顯武大德弘功至仁純孝章皇帝[ |
|
| Nami kuil | |
| Kaisar Shizu of Qing 清世祖 |
|
| Bapa | Huang Taiji |
| Ibu | Ibu Suri Xiaozhuang |
| Miyos | 15 Maret 1638 Shengjing, Manchuria |
| Tilar donya | 5 Februari 1661 (umur 22) Kota Terlarang, Beijing, Dinasti Qing |
| ing | Xiaoling, Zunhua |
Kaisar Shunzhi (Hanzi: 顺治, Mongol : Eyebeer Zasagch Khaan, lair 15 Maret 1638 – tilar donya 5 Februari 1661 kanthi yuswa 22 taun) yaiku kaisar katelu saka Dinasti Qing lan kaisar Tiongkok pisanan saka suku Manchu wiwit bangsa minoritas iku nguwasani Tiongkok taun 1644.[1] Jeneng asline yaiku Aisin Gioro Fulin (爱新觉罗福临), putra ka-9 saka Huang Taiji.[1] Shunzhi nguwasani tahta sawise bapake, Huang Taiji mangkat nalika tauan 1643.[1] Fulin yaiku putra ka-9 saka Huang Taiji kang dilairake denig salah siji selir kesayangane.[1] Gelar putra mahkota kang disandang Fulin dipercaya dening akeh wong merga jasa lan usaha saka ibune.[1] Nalika Fulin nguwasani tahta taun 1643, dheweke direwangi dening pamane, Pangeran Dorgon lan Jirgalang kang dadi waline.[1] Dorgon kang ambisius pengin ngrebut beijing banjur ngumpulake kakuwatan lan nglatih basukan kang dibantu dening kakange Aji ge lan adhine Dodo lan uga salah siji penasehat militer saka suku han kang jenenge Fan Hau Chen.[1] Fan hau Chen dhewe yaiku adhine salah siji Jenderal saka Ming yaiku Fan Hau Ming.[1] Nalika sasi Juni 1644 kanggo nerusake cita-cita dinasti Qing yaiku nguwasani Tiongkok, Qing ngerahake pasukan tumuju Beijing, ibukota Dinasti Ming kang ngliwati Tembok Besar lan uga ngliwati Terusan Shanhai kang dibantu dening gubernur ming kang cacahe telu lan salah sijine yaiku Wu Sangui (pemberontakkan tiga raja muda) lan bisa ngrebut Beijing saka rezim pemberontak petani Dashun kang dipimpin dening Li Zicheng..[2] Sasi Oktober taun iku uga, Duo’ergun ndeklarasikake yen Dinasti Qing dadi enerus sah saka Dinasti Ming kang sadurunge dikalahake dening pemberontakan petani Dashun.[2] Kanggo njupuk atine rakyat ming kang etnis han Duo’ergun nganakake upacara berkabung kanggo raja ming kang tewas ana ing pemberontakkan petani.[2] Duo`ergun uga ngangkat Fan hau cen wong saka etnis Han dadi pejabat resmi negara, prkara iku uga dilakokake kanggo njupuk atine rakyat.[2]