Kaisar Hongzhi
Kaisar Hongzhi (Hanzi: 弘治, 30 Juli 1470-8 Juni 1505) yaiku kaisar ska Dinasti Ming kang mréntah wiwit saka taun 1487 nganti tekan 1505.[1][2] Lair saja jeneng asli Zhu Youtang (朱祐樘), yaiku anak saka Kaisar Chenghua saka selire kang duwe marga Ji.[1] Dheweke yaiku kaisar mangsa pertengahan Ming kang bijaksana lan cinta damai, sadawane mangsa pamrentahane Tiongkok stabil lan uga makmur kang ndadekake mangsa iki dijenengi karo abad perak Hongzhi.[1] Hongzhi lair lan digedhekake dening Selir Wan lan uga kroni-kronine kang mburu putra-putra kang dilairake dening Kaisar Chenghua.[1] Dhewe tau ucul saka pacoban kang pengin mateni dheweke.[1] Dheweke digedhekake kanthi meneng-meneng ana ing lingkungan istana dening permaisuri saka bapake.[1] Ana ing lindungan saka permaisuri, Selir Wan ora wani kanggo nglakokake perkara kang gegebah.[1] Taun 1475, nalika umure wis 5 taun, dheweke nembe bisa kumpul meneh karo bapake lan banjur kanugrahan gelar putra mahkota.[2] Dheweke wis nuduhake kecemerlangane wiwit nalika isih cilik lan uga wis dididik kanthi apik ana ing pangawasan dening permaisuri.[2] Dheweke uga nguwasai ajaran-ajaran Konfusius lan kasil saka anggone sinau muasake banget.[2]
Cathetan Suku[sunting]
Pranala Njaba[sunting]
Cheng Qinhua, Tales of the Forbidden City, Bejing: Foreign Languages Press, 1997.