Kadhal
| Kadhal Temporal range: Jura - saiki |
|
|---|---|
| "Lacertilia", miturut Ernst Haeckel, Kunstformen der Natur (1904) | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| Superkelas: | Tetrapoda |
| kelas: | Sauropsida |
| ordo: | Squamata |
| Suborder: | Lacertilia Günther, 1867 |
| Suku | |
|
Akèh, pirsani tèks. |
|
Kadhal iku kéwan kang kagolong ndhuwèni sikil papat ing kulawargané rèptil.Sacara umum kadhal utawa kulawarga kadhal (basa Inggris: lizards) uga kagolong ing kulawarga cecek, tekèk, bunglon, cecek miber, biawak, iguana lan liya-liyané. Minangka pangertian kang khusus pangertian kadal jroning basa Indonésia bisa ngerujuk wates ing kadhal kang dhuweni awak kang cilik, ndhuweni sisik lunyu lan gilap uga bisa urip ana ing sandhuwuré lemah jroning (Ingg.: skink, suku Scincidae, utawa kang umum bisa kagolong ing kulawarga infraordo Scincomorpha).
Sacara umum kadhal bisa nyakup jinis-jinis kang ndhuweni wujud awak cilik kayata kadhal pasir utawa misuwur kanthi sesebutan Lygosoma, bisa uga ngrujuk ing kulawarga biawak Komodo (Varanus komodoensis) kang bisa ndhuweni dawa awak nganthi 3 m. Secara élmiah,kulawarga iki kagolong ing subordo utawa anak bangsa Lacertilia (=Sauria), bageyan saka bangsa kéwan kang ndhuweni sisik (Squamata).
Kulawarga Lacertilia umumé ndhuweni sikil papat lan bolongan kuping nyaba uga palupuk mata kang bisa kedep (dibukak lan ditutup). Sacara umum, uga kapengkar kadhal kang ora ndhuweni ciri kasebut kayata ‘ula’ kaca (glass snake utawa glass lizard, suku Anguidae) kang ora ndhuweni sikil.
[sunting] Pranala jaba
- Tiny gecko – kadal terkecil di dunia