Kadadéan Srikaton

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kadadean Srikaton iku ontran-ontrak kang ditindakaké Imam Sampurna ing 11 Oktober 1888. Srikaton iku pesanggrahan duwéné Kangjeng Adipati Mangkunagara ing Tawangmangu, Dhistrik Karangpandhan (saiki Kabupatèn Karanganyar)[1].

Latar wuri[besut | besut sumber]

Imam Sampurna iku juru kunci ing Astana Girilayu duwéné Mangkunagara. Dhèwèké lair ing Dhusun Kadipira mawa jeneng cilik Samiran. Nalika gedhé, Samiran salin jeneng dadi Kasanreja lan ngalih ing Dhusun Klangon. Ing Klangon, Kasanreja salin jeneng dadi Abdul Gani sawisé dhèwèké dadi santri. Ing 1885, Kasanrejo banjur ngalih ing Désa Girilayu lan salin jeneng dadi Imanreja. Imanreja dadi ketib, juru kunci, guru agama, lan dhukun ing Girilayu. Dhèwèké banjur bisa mrabawani wong akèh. Imanrejo ngajar dhikir, slametan, lan sembahyang.[2][3][4]

Lelakon[besut | besut sumber]

Obah-obahané mijil ing sasi Mèi 1888. Imanreja semadi ing Alas Ketangga, Ngawi. Nalika semadi, dhèwèké olèh wangsit lan banjur ngaku dadi Ratu Adil. Imanreja arep murnekake (memurnikan) Islam ing tanah Jawa, ngusir Walanda, lan gawe kraton anyar. Ing 11 Oktober 1888 Imanrejo ngandakakae yen deweke arep menyang Tlaga Pasir saperlu ngayahi slametan. Imanrejo karo rombongane banjur mangkat bareng. Nganging dumadakan rombongane mau ngancab Pasanggrahan Srikaton. Pulisi ora bisa mbubarke kraman iki.

Referensi[besut | besut sumber]

  1. Koloniaal Verslag. 's Gravenhage. 1889. kc. 5–6.
  2. Arsip Reksopustoko MN V Mailrapport 979. 1888.
  3. "Bromartani". 1888-10-19.
  4. "Bataviaasch Nieuwsblad". 1888-10-27.