Kacang Bogor
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Addbot (Kontrib • Log) 55 dinten 1419 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Kacang Bogor | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| (unranked): | Angiosperms |
| (unranked): | Eudicots |
| (unranked): | Rosids |
| ordo: | Fabales |
| kulawarga: | Fabaceae |
| Genus: | Vigna |
| Species: | V. subterranea |
| Jeneng binomial | |
| Vigna subterranea (L.) Verdc. |
|
Kacang bogor (Vigna subterranea {L.) Verdc. syn. Voandzeia subterranea (L.) Thouars) sanes kalebet jinis kacang- kacangan ingkang misuwur ing Indonésia. Dipunsebat kacang bogor amargi kacang punika dipunsadé ing dhaérah Bogor, Jawa Kulon.
Pangrembakanipun [sunting]
Tanduran punika dipunbeto ing Indonesia ing wiwitanipun abad kaping 20 minangka salah satunggaling tanduran ingkang ngewrat protein ingkang enggal, [1] ananging tanduran punika boten patos dipunmangertosi tiyang kathah amargi prodhkusinipun ingkang namung sekedhik lan ngantos sak punika dipunanggep dharanan selingan kemawon. Dhaerah asal saking tanduran kacang bogor punika dereng dipunmangertosi kanthi nyata, ananging dipunkinten, tanduran punika asalipun saking dhaerah Afrika, mliginipun ing Afrika Barat ingkang gadhah iklim tropis ugi. [2] Lan dhaerah tuwuhipun kacang kathah- kathahipun ing dhaerah sub- Sahara Afrika ingkang gadhah iklim tropis. [3] Sak punika, kacang bogor sampun ngrembaka lan nyebar ngantos ing Madagaskar, Mauritus, India, Ceylon, Indonesia, Filipina, Malaysia, Iowa, New Caledonia, Australia, Amerika Tengah (ingkang dhaerah tropis]], lan Brazil.
Titikanipun [sunting]
TAnduran kacang bogor punika kalebet tanduran legum utawi ingkang misuwur dados taduran ingkang saged tahan saking kawatesaning unsur hara. Wohipun asipat kados kacang tanah amargi wohipun mlebet ing sak njeroning siti..[4] In addition, it makes very little demand on the soil[5] Polongipun wujudipun bunder wonten kerutanipun kanthi dawanipun udakawis 1 - 1,5 cm. etunggal polong padatanipun ngewrat setunggal wiji, ananging wonten ugi ingkang wosipun wonten kalih. Wijinipun kacang bogor inggih wujudipun bunder, alus teksturipun, lan atos badhe sampun dipunmangsak lan sampun garing. Wernanipun wiji kacang brol inggih punika krem, coklat, abrit, lan wonten totol- totolipun. Kados ta jinising legum ingkang sanesipun, tanduran punika ugi gadhah simbiosis kaliyan bakteri oangiket Nitrogen bebas, kanthi mbentuk bintil- bintil akar ingkang wonten bakterinipun. Tanduran kacang bogor punika inggih kabet tanduran herba setunggal musim kanthi wontenipun cawang- cawang lateral ingkang njalar wonten ing sak nginggiling siti. Tanduran punika gadhah ron majemuk kanthi tigang ronipun kanthi wujud radi elips. Pangipun ron dawa, saged tuwuh jejeg lan wonten wulunipun sekedhik.
Cathetan Suku [sunting]
- ^ "Data sheet Vigna subterranea". Ecocrop. FAO. http://ecocrop.fao.org/ecocrop/srv/en/dataSheet?id=10830. Retrieved 16 March 2011.
- ^ Hepper, FN (1963). "Plants of the 1957-58 West Africa Expedition II: The bambara groundnut (Voandzeia subterranea) and Kersting’s groundnut (Kerstingiella geocarpa) wild in West Africa". Kew Bulletin 16 (3): 395–407. JSTOR 4114681.
- ^ Nichterlein, Karin. "Vigna subterranea". Ecoport. http://ecoport.org/ep?Plant=10830&entityType=PL****&entityDisplayCategory=full. Retrieved 16 March 2011.
- ^ Yamaguchi, M (1983). World Vegetables. New York: Van Nostrand Reinhold.
- ^ Baryeh, E.A. (2001). "Physical properties of bambara groundnuts". Journal of food engineering 47: 321–326. http://www.sciencedirect.com/science?_ob=MImg&_imagekey=B6T8J-41V351P-C-17&_cdi=5088&_user=791130&_pii=S0260877400001369&_origin=gateway&_coverDate=03%2F31%2F2001&_sk=999529995&view=c&wchp=dGLbVzz-zSkzS&md5=a6b1b5de6c633f025ce7f020568f50eb&ie=/sdarticle.pdf. Retrieved 03.05.2011.