Kabupatèn Tangerang
|
|||
| Motto: "Satya Karya Kerta Raharja" |
|||
![]() |
|||
| Dina Dadi: | ... | ||
| Ibukutha: | Tiga Raksa | ||
| Bupati: | --- | ||
| Wakil Bupati: | --- | ||
| Jembar - Total: |
1.110 km² |
||
| Kecamatan - Cacahe: |
26 Kecamatan |
||
| Pedunung - Total: - Kapadhetan: |
+/- 3.187.000 (2003) +/- 2.870 jiwa/km² |
||
| Suku Bangsa: | Wong Betawi, Wong Sundha, Wong Jawa | ||
| Agama: | Islam, Protestan, Katolik, Hindhu lan Buddha | ||
| Basa: | Basa Betawi, Basa Sundha lan Basa Indonesia | ||
Kabupatèn Tangerang iku salah siji kabupatèn ing Provinsi Banten, lokasiné ing sisih kulon pulo Jawa, Kutha Tiga Raksa iku ibukutha kabupatèné, kutha-kutha liyané : Balaraja lan liya-liyané. Jembar wilayah Kabupatèn iki ± 1.110 km². Gandhèng karo anané pamekaran wilayah, sawetara kecamatan ing Kabupatèn Tangerang sabanjuré mlebu wilayah Kutha Tangerang Kidul. Kecamatan-kecamatan sing ilang saka wilayah Kabupatèn Tangerang yaiku: kecamatan Ciputat, kecamatan Pamulang, kecamatan Pondok Aren lan kecamatan Serpong.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Geografis
Kabupatèn tangerang dumunung ing koordinat géografi: 6°00’-6°00-6°20’ Lintang kidul lan 106°20’-106°43’ Bujur wétan
Sebagéan gedhé wilayah Tangerang arupa dhataran rendah. Kali Cisadane, kali sing paling dawa ing Tangerang, mili saka kidul lan sungapané ing Segara Jawa.
Tangerang minangka wilayah perkembangan Jakarta. Sacara umum, Kabupatèn Tangerang bisa diklompokaké dadi rong wilayah pertumbuhan, ya iku:
- Pusat Pertumbuhan Balaraja lan Tigaraksa, dumunung ing sisih kulon, difokusaké minangka dhaérah sentra indhustri, permukiman, lan pusat pamaréntahan.
- Pusat Pertumbuhan Teluk Naga, dumunung ing sisih pesisir, ngutamakaké indhustri pariwisata alam lan bahari, indhustri maritim, perikanan, pertambakan, lan plabuhan.
[sunting] Pedunung
Miturut asil pencacahan Sensus Penduduk 2010, gunggung pedunung Kabupatèn Tangerang ana 2.838.621 jiwa, dumadi saka 1.454.914 lanang lan 1.383.707 wadon. Asil SP2010 kasebut nuduhaké yèn panyebaran pedunung Kabupatèn Tangerang isih bertumpu ing Kecamatan Pasarkemis ya iku 8,34 persèn, sabanjuré Kecamatan Cikupa 7,94 persèn, Kecamatan Kelapa Dua 6,43 persèn lan kecamatan liyané sangisoré 5 persèn[1].
[sunting] Pemerentahan
Kabupatèn Tangerang katata jroning 36 kecamatan, 77 kelurahan lan 251 désa[2]. Kecamatan-Kecamatan ing Kabupatèn Tangerang yaiku:
[sunting] Referensi
[sunting] Mangga Kapurih Ugi Mriksani
[sunting] Pranala Jaba
|
|||||||
|
||||||||||||||||||
